by yani || 25 Februari 2020 || 25 Februari 2020 - 26 Februari 2020 || || 2.339 kali
Tim Pengembangan Sandiwara Radio Bahasa Jawa Daerah Istimewa Yogyakarta ngawontenaken Lokakarya Panyerating Naskah Drama Radio Basa Jawi Taun 2020
???? Kangge
- warga masyarakat DIY utawi sajawining DIY
- putri miwah kakung
- yuswa 20 taun utawi langkung
- ingkang dereng tumut lokakarya ingkang sami wonten ing taun 2020
- dede minangka pelajar
- ingkang kersa tumut sedaya kegiatan lokakarya
???? Wekdal, papan, saha fasilitas
Dinten Selasa-Rebo, tanggal 25-26 Februari 2020. Mapan wonten ing LPP Garden Hotel, kanthi akomodasi gratis
????Pandhaftar
Pandhaftar dhaftaraken kanthi ngintunaken foto KTP/SIM/KTM. Alamat pandhaftaran : bit.ly/PenulisanUmum2020 . Pandhaftaran kabikak tanggal 17-22 Februari 2020. Pandhaftaran sawanci-wanci badhe dipuntutup menawi kuota sampun cekap
????Panutup
Acara punika dipunbeani mawi Dana Keistimewaan 2020
Mangga sami ndherek acara punika