by admin|| 20 Maret 2018 || 9.195 kali
Dulu, saya punya dua kawan istimewa. Yang satu, Pak Habib Bari, ahli bahasa Jawa. Sedangkan yang satu lagi, Mas Sunarman, yang bekerja sebagai satpam, punya pekerjaan tambahan sebagai pranatacara. Seingat saya, waktu itu saya belum menikah, baru tahap pengenalan dengan seorang wanita (kini istri), mungkin masih 2005, ketika saya diminta bantuan Mas Narman untuk menyampaikan naskah (bersusunan seperti puisi) mengenai pernikahan, kepada Pak Habib Bari untuk dialihbahasakan.
Sekarang, kedua kawan istimewa tersebut telah meninggalkan dunia yang fana ini, kembali pada Sang Pencipta dan Penguasa alam semesta, serta Sarwakuasa atas segala sesuatu.
Berikut ini tulisannya. Semoga bermanfaat.(hen/ppsf)
Ningkah
Ningkah menika saweneh tantangan ingkang kedah dipun-adhepi kanthi mungal
Kridha ingkang kedah dipun-rebat sasap
Reridhu ingkang kedah dipun-tatap
Wewados ingkang kedah kaangkat
Kasenengan ingkang kedah sinebar wiyar
Ningkah menika ngemu suraos
Katresnan kedah lenggah
Jejibahan ingkang kedah kalampah
Romantika ingkang kedah rinangkul
Bot repot ingkang kedah kapikul
Anugrah ingkang kedah tinampi kaliyan raos syukur pinunjul
Ningkah menika
Impen-impen ingkang kedah maujud
Lampah ingkang kedah rampung kajangkah
Janji ingkang kedah dumugi
Pitakenan ingkang kedah kawangsulan
Kalonggaran ingkang kedah saget mawa gina
Ningkah menika ngemu suraos
Sedaya prekawis ingkang kedah kajurung rampung
Pepalang ingkang kedah saget kabengkas
Rahmat ingkang kedah karegem lan tinresnan
Amanah ingkang dipun-sangga lan karunut barokahipun
Munajat Sang Pengantin
Ya Allah
Menawi wonten kepareng Paduka
Mugi Paduka sok-aken sih Paduka dhumateng kula kekalih
Kados sih katresnan ingkang Paduka paringaken dhumateng Rasulullah lan Khadijah al-Kubra
Sih katresnan ingkang Paduka dadosaken tuk-ing katresnan
Kadosdene katresnan ingkang Paduka paringaken dhumateng Ali lan Fatimah az-Zahra
Duh, Pangiran
Saupami sedaya wau boten pantes tumrap kula
Kula nyuwun Paduka cekapaken kanthi ridho Paduka
Tumuju ing lampah kula mangun gesang bebrayan
Samidene asok katresnan ing wanci cecaketan
Samidene jagi rikala tetebihan
Samidene asok panglipur rikala manggihi kasisahan
Samidene asung sasanti ing pangayomaning raos sabar lan ngibadah
Duh, Allah
Mugi Paduka sampurna-aken kabagyan kula kekalih
Kanthi dadosaken ningkah menika satunggaling pangibadah kula dhumateng Paduka
Lan dadosna minangka bukti sih katresnan kula ingkang kunjuk ing ngarsa dalem Kanjeng Rasul utusan Paduka
Aamiin.
by admin || 07 Maret 2014
Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender. Adangiyah. Nama dari jenis ...
by admin || 05 Maret 2014
Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...
by admin || 04 Maret 2014
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...
by admin || 17 September 2013
.