SINOMAN - crita cekak Sartono

by bahasa|| 05 Agustus 2022 || || 1.227 kali

...

SINOMAN

Sartono

           

Wengi kuwi Nugraha bali ngomah kanthi rupa mbesengut. Lambene mecucu. Nalika mlebu omah uga ora uluk salam. Mung mbludhus ngono wae. Nyabrangi ruang tamu banjur klepat, mlebu kamare. Aku sing isih nonton televisi apal, Nugraha mesthi nembe nesu. Mbuh nesu karo sapa, kagol merga apa, aku durung genah. Alon-alon aku nothok kamare Nugraha.

            “Nug, jare gladhen sinoman ana nggone Pak Dhukuh. Wis rampung pa anggone gladhen?”

            “Hhh… latihan sinoman ra ana tegese!” Wangsulane Nugraha saka njeron kamare.

            “Mbok dibukak kamare, kene lho ngobrola karo Bapak. Satemene ana apa lan kepriye?”

            Kamare dibukak, Nugraha jumedhul saka kamare karo mangsuli,”Ah, njelehi tenan kok, Pak!”

            “Kosik ta. Njelehi kepriye ta? Sing njelehi kuwi apa, sapa?”

            “Mangkel je, Pak aku iki.” Kandhane Nugraha karo lungguh kursi ruang tamu.

            “Lha ngapa kok mangkel?”

            Nugraha banjur nyritakake larah-larahe kena ngapa kok dheweke mangkel. Kawitan ketua karang taruna pancen menehi uleman kanggo para nom-noman ing Kalurahan Bulusari sing mbawahi wolung padhukuhan. Nugraha sing ana ing Padhukuhan Menur uga diulemi. Ketua karang taruna Kalurahan Bulusari pancen nembe grengseng melu ngurip-uripake sakehing seni, adat-tradhisi, dolanan, kerajinan, kuliner, lan sapanunggalane sing klebu dadi potensi budayane Kalurahan Bulusari. Tradhisi sinoman sing biyen kaprah banjur kaya kesilep jaman kepengin diuripake maneh dening Kalurahan Bulusari lumantar karang taruna. Ya ing kono kuwi Nugraha banjur melu gladhen.

            Nalika gladhen sepisan, kapindho, lan kaping telu kabeh lumaku kanthi lancar. Sepisanan pancen katon kikuk lan ora luwes. Nanging suwening-suwe ya dadi lancar. Giliran gladhi resik para nom-noman sing digladhi nyinom dikon praktek. Dene sing dadi tamu sing kudu diladeni ya para mentor lan wong-wong sing rawuh ana papan gladhen. Ya ana wong tuwa, ana uga cah enom. Ing kono Nugraha kudu laku dhodhok karo nggawa baki utawa lengser isi gelas. Anggone laku dhodhok kanthi bebedan, surjanan, lan blangkonan. Rasane dadi kidhuk lan ribet. Nalika gladhen rasane ya ora angel, nanging bareng gladhi resik lan kudu laden temenan kok dadi krasa angel. Mbuh kepriye mula bukane, baki sing digawa Nugraha miring. Gelas mrucut saka baki lan wedange nelesi saweneh tamu sing kudu diladeni. Kamangka wong sing kesokan wedang mau kalebu sesepuh ing Kalurahan Bulusari. Biyen uga nate dadi ketua karang taruna lan ketua sinoman. Wong mau muring.

            “Woo, dhasar cah jaman saiki ra ngerti tatakrama. Grusa-grusu. Digladhi apik-apik malah nyuntaki wedang karo sing nggladhi. Pemudha ngendi kowe?!” Pitakone wong mau sereng.

            “Nyuwun pangapunten, Pak. Kula saking Padhukuhan Menur.”

            “Huh, cah Padhukuhan Menur ki jebul mung kaya ngono ta? Nggawa baki isi wedang wae ora jegos. Lha yen ngene iki carane, Kalurahan Bulusari iki ora bakal bisa maju dadi kalurahan rintisan budaya. Pemudhane dilatih bab kabudayan wae ora bisa. Nggawa baki wae nggregeli, nyuntaki tamune pisan! Wis, wis, tobat. Dilatih subasita, tatakrama malah ngrugekake sing nglatih. Kuwi wae nembe ajar nggawa wedang karo laku dhodhok. Durung maneh yen dilatih dadi pranatacara lan pamedhar sabda, tak pesthekake mesthi ukara utawa tembung-tembunge ya nggregeli. Gawe isin. Gawe wirang. Prakara sepele wae ora mrantasi, apa maneh prakara sing luwih anget, luwih memet. Huh!”

            Apa sing dicritakake Nugraha marang aku kuwi ora wurung njalari aku kaget lan gumun. Ora ngira babar pisan. Ora ngira yen anakku lanang bakal diuman-uman wong marga alangan gelase sing digawa ana baki ngguling.

            “Aku pancen luput merga tanpa jinarag nyuntaki wedang marang sesepuh sing asmane Pak Basiran kuwi, Pak. Semonoa apa ya pantes nguman-uman bocah enom sing nembe anyaran ajar nyinom ana ngarepe wong akeh? Isin aku! Kuwi jenenge miring-mirangake wong liya neng ngarep publik. Ya ora, Pak?”

            “Wah, karepe Pak Basiran kuwi apik, nanging carane kurang pener, Nug.”

            “Dheweke uga pamer yen biyen nate dadi ketua karang taruna, ketua sinoman, lan aktif ing masyarakat. Ora kaya aku nembe gladhen sinoman sepisan wae wis gawe wirang.”

            “Kebangeten anggone dadi wong tuwa yen kaya ngono kuwi. Terus sidane kepriye? Kowe arep terus melu peragaan sinoman apa ora, Nug?”

            “Ah, paedah apa melu ngono-ngonokan. Upama Kalurahan Bulusari dadi rintisan desa budaya njur nom-noman kaya aku iki entuk apa? Sing entuk jeneng rak ya para sesepuh kaya Pak Basiran barang kae. Aku rak mung dhapur kongkonan, objek, lan piranti.”

            “Hus, ya aja ngono ta, Nug. Mbokmenawa Pak Basiran kuwi anggone nesu lan nguman-uman marang kowe ya mung marga spontan wae, merga kegrujuk wedang kuwi njur mak ceplos. Ngono, Nug.”

            “Eh, wong tuwa tur ya melu nggladhi kabudayan kok ora meneb. Lha yen nglatih tentara ngono ya wangun. Lha mung gladhen sinoman kesokan wedang tanpa jinarag kok njur nguman-uman ora karuwan. Jarene nggladhi tatakrama, sopan santun, subasita, lha kok malah kaya ngono. Bisa mulang kok ora bisa menehi tuladha. Yen mung jarkoni wae aku ya wasis. Yen ngono kuwi minangka jejere wong tuwa, dunung subasitane Pak Basiran kuwi ana ngendi? Mirang-mirangke wong neng ngarepe wong akeh kuwi gawe tatu neng ati lho, Pak. Kuwi jenenge wong tuwa sing mulang wuruk subasita nanging satemene ora ngerti subasita.”

            “Lha ya dingapura. Padha-padha ngapura-ingapuran kuwi rak ya becik.”

            “Tatu neng ati kuwi angel je marine.”

            “Wis, lalekna. Sing baku anggonmu nyengkuyung Kalurahan Bulusari enggal rampungna. Yen kowe didhapuk dadi sinoman ya ajar dadi sinoman sing tenanan. Aja mung kepeksa utawa mung waton ngrampungake jejibahan thok.”

            “Ha kagol atiku, Pak.”

            “Lha aja gampang kagolan kaya ngono. Saiki coba pikiren, yen kowe dadi Pak Basiran njur kowe nggladhi nom-noman ing babagan sinoman lan sinomane ana sing nyuntaki wedang ngono, kowe njur kepriye? Nesu apa ora kira-kira?”

            Sapandurat Nugraha ora wangsulan kejaba mung nyawang aku.

            “Kepriye? Nesu ora kira-kira?”

            “Ketoke aku ya bakal nesu, Pak.”

            “Lha gene ya nesu. Ngono kok ora trima dinesoni Pak Basiran.”

            “Aku bakal nesu, nanging aku ora bakal nguman-uman. Apa maneh nguman-uman ana ing ngarepe wong akeh. Kuwi wewaler ta, Pak?”

            “Gayamu kaya wong wicaksana wae. Rung karuwan yen kowe bisa meneb lan ngendhaleni rasa nesumu.”

            Seje wektu Nugraha ngandhakake menawa Kalurahan Bulusari lulus verifikasi minangka rintisan desa utawa kalurahan budaya. Jarene sing ngabari Pak Basiran. Bareng karo anggone ngabari, Pak Basiran uga njaluk ngapura marang Nugraha. Kaya sing dakkarepake, ing kono padha apura-ingapuran. Padha legane, padha lilane.

(***)

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta