DALAN PADHANG - crita cekak Hatiful Latifah

by bahasa|| 05 Agustus 2022 || || 952 kali

...

Dalan Padhang

Hatiful Latifah

 

            “Ahh jan, pulsaku entek!” Danang mbengok gawe ibune kaget.

            “Ngapa ta Nang, kok gawe kaget esuk-esuk ngene?” Ibune Danang mlebu kamare Danang lan niliki kahanane anake.

            “Pulsaku entek, Mbok!” kandha Danang karo mecucu.

            “Gek adus Nang, gek sarapan banjur mangkat sekolah. Dina iki rampung ujian, ta?” Ibune Danang takon.

            “Iya Mbok, nyuwun sangune sing akeh, Mbok,  arep taknggo tuku pulsa. Ujiane butuh pulsa je Mbok!” wangsulane Danang.

            “Lhaa...wingi rak wis taktukokke pulsa ta Nang, kok andang entek?” Ibune Danang ngelus dhadha krungu wangsulane Danang.

            “Entek tenan Mbok! Gek uwis endi dhuwite Mbok, arep tak nggo ujian.”

            “Yoh, muga-muga bijine ujian apik ya, Nang?” Ibune Danang maringi dhuwit lan donga kanggo Danang. Danang banjur adus, sarapan lan siyap-siyap menyang sekolah. Danang banjur lunga menyang sekolah nganggo pit onthele, tanpa pamit, tanpa salaman lan ngambung astane Ibune. Tekan sekolah kanca-kancane Danang lagi antri wisuh ing ngarep sekolah sinambi geguyon lan crita ngalor ngidul sajak ger-geran. Danang banjur nyalip antrian wisuh kanca-kancane. Kanca-kancane Danang padha surak amarga mangkel marang dheweke. Andri salah sijine kanca sekelase Danang, amung bisa ngalah lan gedheg-gedheg. Dhasar Andri kosok balene Danang. Andri bocah kang ngerti unggah-ungguh lan subasita. Ora kaya Danang, Andri ora seneng nyalip antrian wisuh. Andri seneng sapa aruh lan sumeh marang sapa wae, ulate padhang marakake sapa wae betah lan seneng cedhak karo Andri.

            Sawise wisuh lan cek suhu, Andri lan Danang mlaku tumuju kelas. Ing cedhak kelas ana bapak ibu guru. Andri manehi salam lan sapa aruh marang gurune, ora lali rada mendhak. Beda karo Andri, Danang ora menehi salam marang gurune, mlakuna ora mendhak, malah sinambi gojegan. Nalikane mlebu kelas, Andri ora lali sapa aruh marang kancane. Danang mlebu kelas lan langsung lungguh banjur dolanan HP-ne, ora sapa aruh karo kanca-kancane.  

Bel kelas muni tandha mlebu. Bu Erni rawuh ing kelas lan murid-murid padha nyiapake ujian. Ujian digarap kanthi tertib lan lancar tekan rampung. Sabubare ujian Bu Erni ngendika, “Murid-murid ujian wis rampung nggih, ora suwe maneh rapot bakal diwenehke.”

            “Nggih bu” para siswa wangsulan.

Danang bali. Dina kuwi srengengene wis ana ing dhuwur sirah, tandha yen wis awan. Danang banjur ngebut nganggo pit onthele, ora mung ngebut, nanging uga biyayakan anggone medhal. Nalika liwat ngarep omahe tanggane kang lagi padha kumpul-kumpul, dheweke liwat tanpa matur “ndherek langkung”. Bab iku njalari tanggane padha ora seneng. Tekan omah Danang banjur nang kamar, dolanan HP ora ngewangi Ibune. Pancen bocah kang ora ngerti subasita, karo wong kang luwih tuwa dheweke ora basa, ora tau ngajeni wong tuwa, lan kanca-kancane, gawe sapa wae wegah cedhakan karo dheweke.

            Saiki dina Kemis, dina kang dienten-enteni dening para wali murid ing sekolahan kasebut. Dina iki rapot bakal dibagekake ana ing sekolahan. Para wali murid wis padha ora sabar weruh bijine anak-anake. Semono uga Ibune Danang uga kepengin bijine anake apik. Arepa langite mendhung Ibune Danang ora sedhih lan semangat kepengin enggal ndelok rapote.

Danang lungguh dhewekan neng ngisor wit. Ora let suwe rapote Danang wis ditampa Ibune. Bu Erni ngendika marang ibune Danang bab subasitane Danang ing sekolahan. Bu Erni nyritakake menawa ana ing sekolah Danang ora tau ngajeni guru lan kanca-kancane. Atine ibune Danang krasa lara, mripate ora bisa ngampet maneh. Eluhe mbrebes mili bareng karo udan grimis ing jaba.

            “Nang, mbok ya ngajeni nek karo bapak ibu guru. Kowe ki anak siji-sijine, aja gawe wong tuwamu isin lan gela.” Danang sing biyasane mangsuli saiki wis ora bisa ngomong apa-apa, dheweke getun ananging bingung kudu kepriye. Ing ngisor wit Danang nangis.

            “Aku gelem nuturi kowe supaya bisa duwe subasita marang sapa wae, Nang” dumadakan keprungu suarane Andri. Danang banjur ngadeg lan ngelap eluhe.

            “Matur nuwun, Ndri” Danang mangsuli. Saya suwe Danang wis beda ulate. Padhang, sumeh, basane alus, lan kabeh kanca-kanca sing ngadohi dheweke wis gelem kekancan maneh marang dheweke. Ibune Danang uga seneng anake bisa dadi bocah kang sopan, bapak ibu guru lan tanggane uga melu seneng karo Danang. Saiki Danang ngerti yen subasita iku penting lan ora kena dilalekake, amarga subasita bisa gawe urip ayem tentrem lan bakal nduduhake dalan padhang.

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta