KODHE BOOKING - crita cekak Adinna Alfajri

by bahasa|| 05 Agustus 2022 || || 488 kali

...

KODHE BOOKING

Adinna Alfajri

 

“Bri, Febri. Gek ayo!” keprungu swarane Kenes saka njaba kamarku.

Aku gage-gage mbenerake klambi, banjur mbukak lawang kamarku. Wis katon wong wadon ayu kang mecucu sinambi nggendhong tas rada gedhe ing gegere. Gregah, aku langsung ngrangkul Kenes, kancaku raket sing wis kaya mbakyuku dhewe.

“Wah, sajake awakmu wis ora sabar, ya?” pitakonku marang Kenes.

Dheweke mung manthuk lan njiwit tanganku. Dina kuwi aku arep menyang Surabaya ngeterake Kenes lomba. Kabeh wis direncanakake kawit seminggu kepungkur. Tiket sepur, papan kanggo nginep, lan sembarang liyane uga wis kaitung. Sawise ngunci kamar kos, aku ngetokake motor lan manasi sedhela. Sawise iku, nganggo helm lan mangkat tumuju stasiun, dene Kenes mbonceng ana ing sadel mburiku.

“Nes, mampir tuku sarapan sedhela, ya? Wetengku wis kemrucuk iki,” panjalukku sinambi nyetir motor tumuju stasiun Lempuyangan.

“Ya. Aku ya ngelih iki, sisan tuku nyamikan lan wedang nek ngono,” wangsulane Kenes sinambi nyawang jam tangane.

Aku banjur menggok lan mandheg ing warung pinggir dalan. Bakmi dadi pilihan sarapanku, dene Kenes milih tuku sega goreng, ora lali nyamikan lan wedang kanggo sangu ing ndalan. Kabeh panganan mau trima dibungkus lan arep dipangan ing njero sepur sinambi mlaku ngetan tumuju Surabaya. Amarga wis dadi pakulinane aku lan Kenes yen mangan bareng ora bisa nek mung lima apa sepuluh menit. Mesthi luwih seka telung puluh menit, malah-malah bisa sejam utawa rong jam. Sawise mbungkus panganan mau, motor langsung dakgas tumuju stasiun.

Kahanan stasiun isih sepi, mung ana petugas lan wong-wong kang nggendhong tas utawa nyeret koper. Durung akeh bapak-bapak ojek, supir taksi, utawa kuli panggul sing biyasane pating sliwer ing sacerake parkiran. Motor wis dakparkirake. Aku lan Kenes banjur mlaku tumuju mesin kanggo nyethak tiket ing sacerake lawang mlebu. Sanalika iku, ana wong wadon rada sepuh kang uga nyeraki mesin cethak tiket sinambi nyawang wong lanang enom kang lagi migunakake mesin kasebut. Sajake ibu-ibu kuwi mau kepengin ngerti cara migunakake mesin kang wis canggih kuwi.

“Mas, nyuwun pirsa kuwi mau le nyethak tiket kepiye ya?” pitakone ibu kasebut.

“Wah, Ibu iki mesthi wong jaman mbiyen, mosok ngene wae ora reti carane. Kae lho, mendhing Ibu ki takon marang wong liya apa pak satpam wae. Nek tak terangke mesthi yo ora dhong,” wangsulane wong lanang mau samba nyawang hapene lan mlengos lunga.

Daksawang Ibu mau sajak sedhih atine. Aku banjur ngomong marang Kenes supaya nglipur ibuk kasebut.

“Nyuwun sewu, Bu. Wonten menapa, njih? Kok sajak Ibu bingung?” pitakonku.

“Iki lho, Nak. Aku ki kepengin nyethak tiket, nanging ora bisa le nganggo mesin iki. Kawit mau uga durung ana petugase” wangsulane Ibu mau.

“Menawi ajeng nyethak tiket ngangge mesin menika, kedah kagungan kodhe booking rumiyin, Bu. Menapa Ibu sampun kagungan kodhe booking?” pitakonku maneh.

“Kodhe booking ki rak sing kaya mengkene ta, Nak? Anakku lanang ki wingi ngirimi aku nomer sing aku ora dhong karepe kepiye. Jarene yen nomer iki dakduduhake petugas, mengko tiket-e bisa kacetak, ora prelu ngantri ing loket,” wangsulane Ibu mau sinambi ngetokake smartphone lan nduduhake chat saka salah siji nomer aran ‘Yoga Anakku’ kang isine gambar kodhe booking tiket sepur.

“Nah, njih, Bu. Leres menika kodhe booking ingkang kula maksud wau. Nah, menawi sampun, cobi kodhe kasebut dipunketik ing mesin menika, Bu. Mangga kula biyantu.” Aku banjur ngewangi Ibu kasebut anggone nyethak tiket. Sawise mencet-mencet kodhe booking, madhakake idhentitas lan liyane, tiket bisa kacithak. Ibu kasebut katon bungah atine. Sawise iku gentian aku lan Kenes sing nyethak tiket.

“Matur nuwun ya, Nak. Aku iki wong tuwa sing ora ngerti bab-bab kaya mengkono. Kabeh wis beda jaman. Apa meneh iki aku mung dhewekan, kabeh anakku wis pada omah dhewe-dhewe, dadi mung nunak-nunuk dhewe aku ki.”

“Mboten menapa, Bu. Mangga sareng kemawon anggenipun mlebet kreta. Kula lan kanca kula ugi ajeng budhal dhateng Surabaya,” wangsulane Kenes sinambi ngewangi nggawa gawane Ibu.

“O,ya, Nak. Seneng aku yen isih ana wong enom sing sopan, ora isinan lan gelem mbiyantu wong tuwa kaya aku ngene. Ora kaya mase mau, mung gagah awake, nanging blas ora duwe unggah-ungguh karo wong tuwa. Nyawang wae ora gelem, mung nyawang hapene wae.”

“Njih mboten, Bu. Taksih kathah kok tiyang nem ingkang ngetrapaken unggah-ungguh, nanging dereng ketingal kemawon.”

Aku, Kenes, lan Ibu banjur mlaku tumuju sepur kang wis siap mangkat. Ora lali aku ngenalake awakku lan kancaku sinambi mlaku.

“Tepangaken, Bu. Kula Febri, dene punika kanca kula, Kenes. Nyuwun donganipun nggih, Bu. Benjang enjang Kenes badhe lomba ing dhaerah Tunjungan, Surabaya.”

“Owalah, awakmu menyang Surabaya merga arep lomba ta, Nak. Omahe anakku sacedhake stasiun Gubeng. Mbok menawa awakmu wis rampung anggone lomba, mampira, Nak. Mengko takajak mubeng-mubeng Surabaya. Iki, cathet nomerku ya, Nak.” Ibu kasebut banjur ngetokake hapene lan ngakon Kenes nyathet nomere.

Sawise kenalan lan ijolan nomer telepon, aku lan Kenes nduduhake tiket lan KTP supaya dipriksa dening Pak petugas, aku lan Kenes banjur niliki nomer kursine Ibu, lan mlaku nggoleki kursine.

“Bu, menika lenggahipun Ibu. Kerdus kula sukakaken mriki, nggih,” kandhane Kenes sinambi nyelehake kerdus gawanane Ibu mau.

“Oh, ya, Nak. Matur nuwun sanget ya, Nak. Muga-muga apa sing padha kok tindakake iki bisa kawales dening Gusti, lan apa kang dadi tujuwanmu ing Surabaya bisa kagayuh, pikantuk asil kang maremake, sukses ya, Nak.”

“Amin…” Aku lan Kenes kompak ngamini dongane Ibu.

Sawise pamitan, aku lan Kenes banjur pindhah gerbong, goleki kursi kanthi nomer kang jumbuh karo nomer kang kapacak ing tiket. Sawise ketemu, aku lan Kenes banjur lungguh, nyenderake boyok. Ora let suwe sepur mlaku ngetan. Gedhung lan hotel sing maune katon saka stasiun mulai ilang. Katon rel lan pemandhangan sakiwa tengene sepur sing bisa dak sawang.

“Muga-muga apa sing dingendikakake Ibuke mau bisa dadi kasunyatan, ya.” Omongku marang Kenes supaya dheweke tambah semangat ngadhepi lomba sesuk esuk.

Kenes ngamini lan mesem. Sawise iku dheweke mulai mbukak bungkusan, lan ngajak sarapan. Aku gage-gage melu mbukak bungkusanku.

***

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta