LEGA - Crita Cekak Agus Suprihono

by bahasa|| 21 Maret 2022 || || 1.399 kali

...

LEGA

dening Agus Suprihono

 

Ora ngira babar pisan yen dheweke bakal ketemu Mayang ing papan iki. Pasar Ngino. Nalika dheweke lagi bikut nata kambil-kambil dagangane Lik Marto, wanita iku teka-teka wis ngadeg ing sangarepe.

“Klapa sing mpun dicukil onten dereng, Mas?” swara pitakon alus keprungu ing kupinge.

Wiro ndengengek. Sapandhurat dheweke kemitenggengen nyawang wanita ing ngarepe iku, sing lagi ngungak tase saperlu njupuk dhuwit. Ora pangling yen iku pancen Mayang. Swara lan raine ora bakal manglingi. Sawetara Wiro ora age-age aweh wangsulan. Gulune klelegen idu.

Sadurunge Mayang kober noleh marang dheweke, Wiro bali ndhingkluk lan tetep ndhodhok karo njupuk kambil cukilan sing diwadhahi zag. Capinge dianggo nutupi raine.

Keprungu swara gumuyu saka lambene Mayang. Swara guyu renyah semanak. Isih kaya biyen. Najan mbuh wis pirang puluh taun dheweke nyoba nglalekake swara guyu iku, uga esem sing ngujiwat lan kabeh sing dumunung ing wanita iku.

“Hambok arep toktutupi nganggo capingmu iku, aku tetep ora pangling karo njenengan, Mas Wiro,” kandhane Mayang.

Saiki Wiro kaget tenan. Gumune, kena apa Mayang ngerti yen sing ndhodhok ing ngarepe iku dheweke. Najan wis puluhan taun ora ketemu. Tur raine wis didhelikake ing suwalike caping. Ketemu ing papan kaya ngene karo wanita sing tau dadi gegantilane atine babarpisan ora kanyana.

“Nggg…!” Wiro gragapan.

Mayang nambahi guyune tansaya dawa. Wanita iku ngulungake tangan tengene marang Wiro. Ngajak salaman. Wiro kanthi tangan gemeter ngranggeh tangane wong ayu iku.

“Eh… lha kok kowe, Jeng?” pitakone groyok.

“Nggg… lagi prei pa? Tilik ndesa lan kangen karo bebek bacem Ngino?”

“Ah, Mas Wiro tetela isih kelingan karemanku,” suwarane Mayang karo isih mesem. “Aku wis sawetara ing pasar iki. Aku kaget nalika weruh panjenengan. Saka kadohan daktamatake. Kaya ngimpi rasane bareng nyumurupi yen iki pancen Mas Wiro temenan. Piye kabare, Mas? Iku putrane pa?”

Wiro noleh Danang sing lagi bikut mangan thiwul wungkusan nggone menehi Lik Marto. Bocah iku ora nggatekake Bapakne sing lagi wawan gunem karo Mayang.

“Iya…!” gulune bali kelelegen idu. Kelingan nasibe si bocah, sing lagi nedheng-nedhenge aleman kepeksa kudu kelangan ibune. Ya merga saka iku, kawigatene Wiro tansah disokake marang anake lanang iku. Supaya aja nganti rumangsa kasepen. Mula najan neng pasar, dheweke tansah ngajak anake.

“Wis pira bathine, Mas?” pitakone Mayang.

“Mung siji kuwi….” Wiro ndhingkluk karo madhahi kambil cukilan ing tas kresek. Banjur diulungake wong ayu sing sangarepe iku.

Mayang nampani kambil karo ngulungake dhuwit.

“Susuke njenengan asta wae,” kandhane Mayang lan sadurunge Wiro nulak Mayang wis celathu maneh. “Tindak ngalor ya, Mas. Aku neng ndesa seminggu kok. Mas Wirawan mesthi seneng njenengan dolan mrana. Isih kelingan to daleme bapakku?” pangajake Mayang karo pamit.

Wiro isih kami tenggengen nyawang wadon iku jemangkah ninggali esem kanggo dheweke. Esem sing wis puluhan taun ora tau diweruhi. Najan meh dilalekake, bareng karo ketemune dheweke karo ibune Danang. Wanita sing bisa ngiseni kasepene ing dina-dina sing dilakoni.

Mung ana wanita loro sing bisa njiret ing atine Wiro, siji Mayang lan sing siji maneh Dewi, ibune Danang. Dewi wis setaun kapundhut ing kasidan jati merga lara. Wiro ditinggali anak siji sing lagi nedheng-nedhenge aleman marang kawigatening wong tuwane loro. Ewasemana, bocah iku kudu kapedhotan tresna ing ibune.

Dene Mayang kuwi tilas pacare biyen wiwit SMA. Nalika isih pacaran biyen, Wiro ora rumangsa bakal nglirik marang wanita liya. Dheweke banget tresnane marang prawan iku. Ewasemana, mbuh apa jalarane lan ora nganggo sraba-sraba prawan iku kandha yen kepengin pepisahan marang Wiro. Sepira gempaling atine wong lanang iku. Ora ngira jebul wanita sing banget ditresnani iku tetela ora nimbangi katresnane.

Suwe Wiro nggone ora enggal move on. Nganti kancane padha kandha yen dheweke iku anti gadis. Wiro dhewe dadi mangu-mangu jroning ati. Apa isih bisa dheweke nibakake katresnan marang sawijining wanita? Yen mung golek sakecekele wae, ora angel. Nanging apa iya iku ora bakal nyilakani dhewe? Apa ya tega dheweke nibakake katresnan marang sawijining wanita mung merga saka kepeksa?

*

“Mas Wirawan neng dalem ora, Jeng?” pitakone Wiro ing telpon gegem.

“Ora. Harak malah kepeneran ta. Awake dhewe bisa nostalgia tanpa ana sing ngganggu?” wangsulane Mayang sajak nggodha.

“Wah, yen ngono sesuk wae yen Mas Wirawan ora tindakan aku le dolan.”

“Kena apa?”

“Awake dhewe wis ora kaya biyen maneh, Jeng. Kowe wis dadi sisihane Mas Wirawan. Yen aku dolan mrono aku kudu taren dhisik marang Mas Wirawan. Iya yen dheweke lila kowe takdolani, yen ora?”

“Halahhh… ngono we.”

“Sesuk wae ya.”

“Ana… ana! Gilo Mas Wirawan neng sandhingku,” kandhane Mayang ana ing sabrang kana karo nyekikik. Isih keprungu semu nggodha. Ngerti yen wiwit biyen Wiro tansa njaga sesrawungan antarane Mayang lan dheweke. “Panjenengan tetela isih kaya biyen, Mas. Njaga suba sita trapsilaning sesrawungan.”

“Iya kuwi aku.”

“Piye? Percaya ora yen Mas Wirawan neng sandhingku?”

“Coba, telponmu wenehna. Aku takomong.”

“Halo!” keprungu suwara wong lanang ana ing sabrang kana.

“Halo! Mas Wirawan?”

“Iya. Iki Dhik Wiro?”

“Bener, Mas. Sehat ta, Mas?”

“Apik. Sehat kabeh. Bocah-bocah ya sehat. Mrene, dolan, kangen-kangenan!”

“Pareng ta?”

“Entuk wae ta ya. Jeng Mayang wingi ya kandha yen mentas ketemu karo njenengan neng pasar. Iki malah lagi padha ngumpul karo Bapak Ibu lan sedulur-sedulur. Yen ketemu njenengan mengko rak dadi gayeng.”

Wiro unjal napas landhung. Pancen sasuwene pandemi iki ketemu karo sedulur apadene wong tuwa wae diwatesi. Saiki keluwargane Mayang lagi padha seneng-seneng jalaran ngumpul sasedulur. Dheweke sedhela meneh bakal mlebu ing kahanan seneng-seneng iku mau. Senajan kahanan wis ora kaya biyen maneh. Senajan Mayang wis dudu pacare maneh. Senajan… senajan… sing luwih baku Wiro rumangsa lega yen mengko ketemu Mayang. Jalaran dheweke wis idin marang Wirawan. Ora nerak subasita.

 *Seyegan, 14 Desember 2021.

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta