PEPESTHEN - Crita Cekak Albertus Sartono

by bahasa|| 21 Maret 2022 || || 1.435 kali

...

PEPESTHEN

Dening Albertus Sartono

 

Pakdhe Dul mung bisa plenggang-plenggong meruhi anak putune sing paseh nggunakake tembung-tembung utawa ukara sing kaprah ing jaman saiki. Tembung permisi, gaspol, sori, yes, trima kasih, siyap, lan oke kaya wis nyawiji karo basa Jawa padinane bocah-bocah mau. Miturut Pak Dul, kanca-kancane anak putune kabeh ya padha nggunakake tembung-tembung kuwi mau. Minangka wong tuwa, Pak Dul nyoba ngresepi lan nganggep kabeh mau minangka jangka utawa pepesthen sing mbokmenawa pancen kudu dumadi mangkono. Semonoa Pak Dul uga ora bisa nyelaki atine sing kebak pitakonan, yagene tembung-tembung Jawa sing kaprah kanggo nuduhake bab subasitane wong Jawa ing wektu saiki kok kaya ilang utawa ngilang ngono wae. Wis arang banget wong mara dhayoh padha uluk salam kanthi ngucap, “Kula nuwun.” Tembung nyuwun pamit, nyuwun pangapunten, matur nuwun, ndherek langkung, nyuwun pirsa, ndherek nepangaken, badhe pinanggih, ndherek bingah, sugeng rawuh, sugeng tindak, sugeng enjang, sugeng siyang, sugeng dalu, lan sapiturute uga wis arang keprungu.  

            “Apa wis dadi pepesthen yen tembung utawa ukara sing dadi cihnane subasita ing Tanah Jawa kene iki bakale ilang utawa thethel ya, Dhik?” Pitakone Pakdhe Dul wengi kuwi ing angkringan pojok protelon desaku.

            “Wah, kula mboten ngertos, Pakdhe. Niku pepesthen napa sanes,” wangsulanku karo uthak-uthik mbukaki chat HP.

            “Hah, lha iya ta. Wong tuwa ngajak guneman wae mung disambi uwal-uwil HP, banjur sapa maneh ing jaman saiki iki sing ngerti lan jangkep subasitane,” panggersulane Pakdhe Dul bareng dadi siji karo panyaruwene marang aku.

            “Ngapunten, Pakdhe. Niki kathah kanca sing dha kirim kabar.”

            “Ha iya. Yen kanca kana-kana sing ora ngerti dhangkane wae digatekake, wong tuwa sing lungguh ana jejere digatekake kanthi samben.”

            Aku mesem kecut krungu protese Pakdhe Dul.

            “Lha pripun malih Pakdhe. Saniki jagad niki sangsaya ciyut. Kabeh mpun dipunregem wonten HP niki. Saniki niki napa-napa kedah lumantar HP. Praktis, gampil, efisien, ngaten.”

            “Nyak, ya aja ngono. Marga anane HP lan majuning jaman kowe barang kuwi njur nglalekake subasitamu marang wong tuwa.”

            “Lho, mboten ngaten, Pakdhe Dul. Kula tetep ngaosi tiyang sepuh kados Pakdhe Dul niki.”

            “Ngaosi kok ora nggatekake karo sing diajak guneman. Kawit mau mung disambi uwal-uwil HP wae. Mbokmenawa iki pancen wis dadi pepesthen. Unggah-ungguh, tatakrama, subasita ing masyarakate dhewe iki bakal thethel, Dhik. Thethel! Arep kepriye maneh? Ora bisa kumbi, kudu ditampa!”

            “Lha niku lupute sinten, Pakdhe? Lupute jaman sing sangsaya maju, lupute pemerintah, napa lupute lare-lare milenial?”

            “Ah, kabeh ya andhil luput. Kalebu kowe lan aku barang.”

            “Pawadane napa, Dhe?”

            “Alasane ya jaman sing maju kuwi njur kabeh nglalekake apa-apa sing dadi adat tradhisi sing wis diwarisake dening para leluhur.”

            “Yen dipikir-pikir, ngaten niku rugi napa mboten, Dhe?” Aku nambuh.

            “Ndadak takon. Ha mbok takon karo atimu dhewe kuwi, Dhik. Sampeyan rumangsa rugi apa ora? Kelangan apa ora? Lha yen sampeyan ora rumangsa kelangan lan rugi ya ora apa-apa. Tegese, warisan adat tradhisi sing kaya ngono kuwi mau tumrape sampeyan ora ana gunane. Ora teges.”

            Nembe ngenak-enak ngobrol karo Pakdhe Dul, dumadakan ana nom-noman mlebu warung angkringan. Dheweke pesen kopi. Sawise kuwi dheweke njupuk lepek banjur njupuk maneka warna panganan. Anggone njupuk panganan kuwi mau liwat papan lungguhku ing dhingklik dawa. Anggone njupuk panganan ngungkuri anggonku lungguh. Kepara bokonge ngener raiku. Nalika njupuk panganan, keleke uga ngungkuli gelas wedangku sing tanpa tutup. Nom-noman mau ora duwe tembung apa-apa. Ora muni kepriye-kepriye. Bubar kuwi dheweke golek papan sing sela kanggo lungguh banjur themal-themel mangan panganane. Aku nglirik Pakdhe Dul. Pakdhe Dul mesam-mesem sajak ngece aku. Mbokmenawa Pakdhe Dul ngerti yen aku nembe ngendhem rasa kemropokku marang nom-noman kuwi mau.

            “Ngapunten Mas, yen kula tingali njenengan niku sanes lare riki, nggih?“ Aku nyaketi nom-noman mau karo pitakon.

            “Hm, saya, Pak?

            “Nggih, sampeyan.”

            “Saya mahasiswa dari luar daerah, Pak.”

            “Mm, pernah diajari sopan santun atau tatakrama?”

            Nom-noman mau mlenggong, nyawang aku sawetara.

            “Mm, maksudnya, gimana ya, Pak? Ada yang salah? Saya salah? Bapak menegur saya?

            “Pernah diajari sopan santun atau tatakrama, minimal di sekolah?

            “Yy, iya, Pak? Gimana ta?”

            “Apa pantas kalau kamu ngambil makanan kemudian memantati orang yang sedang duduk dan ketiakmu mencangkung di atas gelas tehku yang tanpa tutup? Lagi pula tanpa mengucap maaf atau permisi. Di daerahmu pasti juga ada tatakrama atau sopan santun kan?

            Nom-noman mau melongo. Raine dadi pucet. Sapandurat ora bisa ngucap. Sajake dheweke lagi eling yen nembe wae tumindak sing njalari wong liya ora seneng, kecocok atine, utawa ora dadi karepe marga pancen tumindake ora lumrah.

            “Oh, maaf, Pak. Mohon maaf, Pak kalau saya salah dan menyinggung Bapak karena saya tidak sopan. Maafkan saya, Pak.”

            “Saya maafkan. Lain kali jangan diulang lagi ya. Sampeyan mahasiswa. Sampeyan duta dari daerah sampeyan. Sikap sampeyan dinilai oleh masyarakat di tempat sampeyan kos dan di tempat sampeyan kuliah. Jangan memalukan daerah sampeyan. Jangan memalukan status kemahasiswaan dan kampus sampeyan.

            “Terima  kasih, Pak. Sekali lagi saya mohon maaf.”

            Aku bali ana dhingklikku lan mbuwang wedangku sing mau mentas “dikeleki” mahasiswa kuwi mau. Pakdhe Dul sing meruhi kabeh mau sangsaya mesam-mesem. Ngece lan nyemoni aku.

            “Kepriye mungguh rasamu nalika nampa kahanan sing kaya ngono kuwi mau?” pitakone Pakdhe Dul karo ngempusake kebul rokoke.

            “Mangkel je, Pakdhe.”

            “Lha, mulane! Kepriye yen kaya ngono kuwi? Lupute sapa yen kaya ngono kuwi? Sapa sing tanggung jawab?”

            “Napa niki pancen mpun dadi pepesthene kahanan lan jaman napa nggih, Pakdhe?”

            “Aku dhewe ya bingung. Apa iya ana pepesthen kok ngilangake sopan santun, tatakrama, subasita? Kabeh kuwi mau rak mung gumantung anggone padha nyinau lan nular-nularake wae ta, Dhik? Yen ora disinau lan ora ditular-tularake lha ya sapa sing bakal ngerti? Lha yen ora ngerti, ora mudheng, mesthi ya ora bisa anggone nindakake.”

            “Sing kudune ndunungake lan nular-nularake niku rak nggih kados Pakdhe Dul barang niku ta? Wong Pakdhe Dul niku minangka tiyang sepuh, sesepuh.”

            “Nyaaak, ya sampeyan barang kuwi, Dhik. Awake dhewe kabeh kuwi duwe tanggung jawab sing padha.”

            “Yen ngaten, niki sejatine rak sanes pepesthen ta, Dhe? Mung kapinujon wis dilirwakake.”

            “Tak kira kok ngono. Pepesthen menawa awake dhewe kabeh lirwa,” wangsulane Pakdhe Dul karo ngguyu.

            “Pepesthen yen bisane mung ngluputake liyan lan kahanan.”

(***)

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta