MBAK YAYUK - Crita Cekak Bambang Nugroho

by bahasa|| 22 Maret 2022 || || 1.775 kali

...

MBAK YAYUK
Dening : Bambang Nugroho

 

Tetepungan mono, bisa ana papan ngendi wae.  Bisa  sawayah-wayah. Bisa esuk utawa sore, awan utawa wengi. Waton niyate kanggo kabecikan mesthi ora apa-apa. Kaya dene tepunge Banu klawan Mbak Yayuk. Ana Rumah Sakit swasta kang mapan pinggire kutha Yogyakarta. Nalika padha dene nunggu sisihane. Merga padha-padha ketaman lelara Covid-19 kang lagi mubal.

Wektu semana Banu mung ijen, lungguh ana ruang tunggu. Dene sisihane isih ana ruang UGD. Sawise diswab positif Covid-19, merga watuk-watuk sarta dhadhane krasa lara banget. Seseg. Kanggo ambegan abot. Menggeh-menggeh. Mula banjur arep isolasi ana Rumah Sakit kono. Nanging gandheng ruang isolasi kebak. Dadi kudu antri sawise ana kamar kosong. Mula Banu kapeksa kudu nunggu nganti sisihane bisa dipindhah saka UGD menyang  bangsal isolasi.

Papane amba lan resik nanging sepi. Biasane rame nalika durung mangsa pageblug Covid-19, dening wong kang padha tilik apa nunggu pasien kang mondhok. Wengi iku, krasa dadi papan kang medeni. Saking sepine kaya kuburan, merga pancen ana aturan menawa ora diolehake padha tilik pasien. Kejaba, kulawargane sing kudu nunggu kanggo kupiya nyuda panulare Covid-19.

Kala-kala katon petugas medhis siji loro kang kumliwer ana ruang tunggu kono. Gandheng krasa ngantuk saking kesele, njalari Banu ngglethak ana kursi kayu. Les turu… gragap… tangi... les… turu… gragap tangi… ngungak UGD saka sanjabane kaca. Katon sisihane isih gumlethak. Banu wis duwe tekad ora arep ninggalke ruang tunggu sadurunge sisihane dipindhah ana bangsal isolasi.

Nalika mbalik saka ngungak ruang UGD karo isih ucek-ucek mripat, Banu weruh ana sawijining wanita. Wanita iku lungguh dhewe ing pojokan ruang tunggu. Kanggo mbuwang sepi, Banu nyedhaki wanita  kasebut, kang lagi uthak uthik hape. Banu nyapa.

“Pangapuntene, Bu. Napa nembe nengga?” pitakone Banu.

“E… e… enggih, Pak. Lha mangga lenggah...” semaure wanita kasebut rada kaget.

“Sinten ingkang gerah?” pitakone Banu sambi lungguh ana kursi sangarepe kang keletan meja.

“Semah kula, Pak. Positif kenging Covid-19,” semaure lirih.

“O, nggih sami. Istri  kula nggih kenging. Saniki tasih wonten  UGD. Mlebete  wau watawis pukul sanga. Wonten griya sampun meh seminggu anggene kraos. Lajeng swab. Positif. Gandheng kalebet awrat, kedah isolasi wonten mriki nanging nengga wonten UGD riyin” piterange Banu.

“Menawi ngaten sami. Lha panjenengan pun swab dereng, Pak?” pitakone wanita kasebut.

“Pangestunipun sampun, negatif. Panjenengan, dospundi napa nggih sampun swab,” wangsulane Banu  ganti pitakon.

“Nggih pangestunipun ugi negatif. Saking asile swab kala wau,” piterange wanita  kasebut.

Sawise pitepungan jeneng lan alamate dhewe-dhewe. Banu karo wanita kang katon isih mudha kasebut, banjur padha nyritakake lelakone nalika sisihane ngrasakake ketaman Covid-19 nganti kudu digawa menyang Rumah Sakit.

Wanita kasebut ngaku jenenge Sri Rahayu. Pranyata luwih mudha tinimbang Banu. Mula Banu banjur ngundang Mba.

“Biasanipun menawi gadhah nami Sri Rahayu, udang-undanganipun Yayuk nggih Mbak,” kandhane Banu mecah sepi sawise tetepungan kasebut.

“Nggih, Pak, anggenipun sami ngundang mekaten,” semaure Mbak Yayuk.

Wong sakloron banjur katon rumaket anggone omong-omongan. Apa merga lagi duwe nasib sing padha, nganti ora ngerti ana petugas Satpam nekani.

Selamat malam, Bapak Ibu. Selama pandemi ini, dilarang menunggu pasien disini. Jadi Bapak Ibu harus keluar dari ruang tunggu,”  prentahe Satpam kasebut nganggo tetembungan baku.

Mohon maaf, Pak. Saya tadi sudah minta ijin ke petugas medis, dan diperbolehkan menunggu disini selama pasien masih di UGD. Sampai nanti pasien dipindah di bangsal isolasi,” piterange Banu karo ngadeg saperlu ngurmati Satpam kasebut.

“Tetapi aturan umumnya tidak boleh menunggu selama masa pandemi ini, Pak. Lha ibu ini siapa. Apa istri Bapak?” Satpam iku nerusake pitakon.

Saya juga menunggu pasien di UGD, Pak,” mbak Yayuk mangsuli pitakonan kasebut uga karo ngadeg.

O, jadi Bapak Ibu ini,  bukan suami istri ya.”

Bukan, Pak. Kami sama-sama menunggu pasien,” panegese Banu.

Ya kalau memang sudah diijinkan petugas UGD, silakan. Tetapi segera meninggalkan ruang ini setelah pasien dipindah ke bangsal isolasi ya,” Satpam kasebut paweh prentah.

Ya, Pak,” wangsulane Banu meh bareng karo suwarane Mbak Yayuk.

Selamat malam,” ujare Satpam sing isih mudha nanging katon cukup profesional kasebut karo ninggalke wong sakloron.

Malam...” piwalese wong sakloron kaprungu bareng.

Wong sakloron bali lungguh adhep-adhepan maneh. Rasa ngantuke Banu dadi krasa suda, bareng ana kancane kanggo omong-omongan.

“Wonten nomor WA-ne Mbak?” pitakone Banu semu nembung njaluk nomor WA-ne Mbak Yayuk.

“Wonten, mangga pun serat,” piwalese Mbak Yayuk karo nyebutke angka-angka.

Banu banjur nglebokake angka-angka kasebut ana hapene.

“Kula miscal (saka tembung  missed call, basa Inggris kang tegese panggilan tilpun kang katutup sadurunge kabuka), nggih niku nomer WA kula,” kandhane Banu.

“O, nggih pun mlebet, Pak. Kok fotone ketingal tasih timur nggih,” pangaleme Mbak Yayuk.

“Pangestunipun, Mbak,” batine Banu karo rada ngguyu, jalaran iku foto limang taun kapungkur.

Karepe mono, Banu isih arep nerusake omong-omongan kanggo ngisi wektu lan mbuwang sepi. Mbak Yayuk nanggapi apik, uga kanggo sinambi nunggu kabar sisihane sing ana  ruang UGD.

Dumakan lawang ruang UGD menga. Ana petugas medhis nganggo klambi Alat Pelindung Diri (APD), ngatonake sirahe karo nyebut jeneng.

Keluarga Ibu Indah, ada ya?

Ya, ada, Banu menyat saka lungguhe tumuju ruang UGD ninggalke Mbak Yayuk lungguh ijen.

Silakan masuk,” prentahe petugas kasebut.

Banu banjur mlebu ana ruang UGD ora lali mbenakake maskere. Dheweke banjur ngresiki tangane nganggo hand sanitizer. Ing UGD antuk katrangan menawa bojone kang jeneng Indah Praweswari arep dipindhah ana bangsal isolasi, merga bangsal isolasi wis ana kang kosong. Semono uga kahanan sisihane wis rada apik, dhadhane ora krasa seseg banget, merga dioksigen. Raine uga katon rada padhang, sawise diinfus.

Banu dijaluk dening petugas, supaya melu ngeterke sisihane digawa tekan bangsal isolasi. Sabanjure menawa arep takon kahanane, mung lumantar WA perawat jaga. Semono uga yen pengin kirim klambi apa panganan, dititipke perawat jaga. Ora kena ditunggu, klebu nunggu ana ruang tunggu. Mula bengi iku Banu banjur mulih. Nalika  ngliwati ruang tunggu.  Mbak Yayuk, wis ora katon. Embuh menyang ngendi.

Esuke, ana pesen WA mlebu saka Mbak Yayuk. Bareng diwaca isi kabar menawa sisihane Mbak Yayuk, tilar donya. Banu melu sedhih. Pikirane dadi werna-werna. Eling sisihane kang banget ditresnani, sing isih ana bangsal isolasi.

Bangunjiwo, 15 Desember 2021

 

 

 

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta