TUNGGAKSEMI - Crita Cekak Bey Saptomo

by bahasa|| 23 Maret 2022 || || 1.373 kali

...

“TUNGGAKSEMI”

dening Bey Saptomo

 

            “Sida neng nggonku ta?”

            Murti bali ngechat Pana. Mesthekake kancane sing wis janjian bakal dolan ana ing omahe. Kamangka bojone Murti ora patiya seneng marang Pana. Merga bojone Murti, Ditya, kerep krungu kabar ala ngenani Pana. Satemene Murti uga uwis mangerteni ngenani kancane iku. Ora senenge Ditya jalaran Pana kondhang duwe sesambungan marang sawenehing wanita. Bola-bali gonta-ganti pacangan. Malah tau sambung tresna karo kancane, nanging ora suwe banjur pedhot. Malah nalika iku Murti, bojone Ditya tau dadi sasarane uwong sing raket marang kancane. Cethane, Murti dadi kambing hitam sambung tresnane Pana karo kancane.

            “Mas Pana dolan mrene arep ngapa, Mas?” pitakone Ditya semu nlesih.

            “Mumpung wis rada mendha kahanane, Dit. Karo meneh Pana rak durung tau dolan saploke awake dhewe nikah ta…” semaure Murti entheng.

            Ditya meneng krungu tembunge bojone. Ananging batine wis kadhung ora seneng marang tekone Pana. Batine ngidhit-idhit. Sengit. Jalarane nalika mbiyen sepisanan tetepungan marang Pana. Sadurunge Ditya diwengku Murti, Ditya tau chattingan karo Pana. Sing dadi jalaran sepele. Ditya kepengin njaluk foto-foto nalika sapatemon ana ing kumpulan sadurunge. Manut anggepane Ditya, Pana sajak lewa-lewa lan ora nyenengake anggone wangsulan. Malah petunge semu nggaya lan anggak. Sawise kedadeyan iku Ditya kapok ngechat Pana, senajan ora duwe rasa kepiye-kepiye.

            Perkara kang dadi mula bukane Ditya ora seneng marang Pana ora dingerteni Murti. Merga Ditya ora tau crita bab iku. Petunge Ditya olehe ora walaka marang Murti kang saiki dadi bojone merga pancen ora ana wigatine. Mula Murti ora duwe rasa kepiye-kepiye, apamaneh cubriya kang neka-neka. Ngertine Murti, Ditya bojone ora seneng, kepara malah sengit marang Pana. Senajan mangkono Ditya isih nyoba nglegani sing lanang kanthi nyepakake suguhan yen Pana bakal mara ana ing omahe.

            Awan gumanti sore nganti srengengene ambles mangulon sing dienteni durung teka. Pana jebul duwe kangsenan liya. Ana gaweyan dadakan kang kudu ditandangi. Lumrah. Merga gaweyane Pana srabutan. Sakecekele. Waton ngasilake opah bisa kanggo ngopi lan udud. Saploke pandemi covid 19 blas ora ana tanggapan manggung. Mula maune kerep ngethoprak. Pentas sadengah papan saiki nyenyet. Banjur trima cekel gawe sing ana bae. Buruh-buruh ya ditandangi dening Pana. Malah sing kerep ditandangi mbarang ngamen ana ing prapatan bangjo. Pana duwe kabisan nggitar. Dimodhali soundsystem cilik dening kancane, Pana saben sore nganti tekan jam sanga bengi mesthi thethek neng prapatan Tamansari. Ancase miji papan iku dipilih kang adoh saka ngomahe dhewe.

            Wancine lagi jam pitu bengi nalika Pana ngetung pemetune anggone mbarang dina iki. Kukuruyuk …! Swara notifikasi tandha ana chat WA keprungu saka android.

            “Kok ra sida nenggonku, Na?”

            Bareng mbukak android lan maca chat saka Murti, Pana malah ngunjal ambekan landhung. Batine rumangsa luput gedhe marang Murti jalaran ora netepi janjine olehe bakal dolan neng omahe. Suwi Pana mung tansah nyawang wall chatte Murti.

            “Sori dab! Aku lali, ndilalah iki ana gaweyan ndadak. Suk liya dina wae….”

             Pana rumangsa lega bisa aweh wangsulan. Merga kawit mau anggone ngetik mung dibusak bola-bali. Saben ngetik roncening ukara tansah ora kepeneran. Sawise ngirim balesan mangkono krenteg anggone mbarang sakal krasa sepa. Kendho. Pana mutusake nglereni masiya durung nganti jam padatane dheweke kukut. Wis metung yen sore nganti jam pitu bengi iki wis cukup kanggo tuku udud, gula lan kopi.

            Tekan omah Pana gage reresik awak. Adus. Maskere sing dianggo dina iki mau langsung dikum. Dikumbah. Pana njarag tuku masker saka kain. Ngirit. Bisa dikumbah lan dianggo maneh. Mangsane pandhemi pancen kudu bisa ngiguh sakabehe. Tatacara lan aturan anggone bebrayan sasat owah. Ora bisa sakepenake dhewe kaya sadurunge ana covid corona. Maune sadurunge ana covid, Pana paling memeng yen adus. Malah tau sedina babar pisan ora kambon banyu. Saiki, saploke rong  taun pandhemi, sing jenenge reresik tangan lan adus dilakoni saben dheweke bar lelungan. Yen adate saben lelungan gawane hp, korek lan udud. Saiki mesthi ora klalen masker lan handsanitizer. Pana kepetung satiti ngadhepi pageblug ing Jogja. Ora keweden ning iya ora nyepelekake. Mangkono adeg-adege Pana. Maune blayangan kerep jajan ngangkring, kumpul karo uwong-uwong wis ora tau dilakoni.

            Rampung adus Pana ngungak hp. Ora ana kabar saka sapa-sapa. Murti kancane uga ora wangsulan. Pikire Pana bisa wae Murti kagol banjur nesu. Ananging Pana duwe alasan ngapa ora sida dolan. Kamangka Murti klebu kanca raket yen pinuju ana gaweyan sing magepokan karo kesenian. Pana wedi konangan dening Murti. Pana emoh yen Murti bisa ngonangi solahbawa lan tingkahe yen satemene Pana ngesir bojone. Nalika gapruk sepisanan antarane Pana lan Ditya satemene ana pletik rasa seneng. Mung kekarone padha dene ora wani ngeblak. Jebul ora suwe Ditya malah kelakon dipek bojo Murti. Wiwit iku Pana ora tau nyaketi Murti yen dhong ana patemon. Pletik rasa sir alon-alon dipeper dening Pana. Wis bola-bali Murti nyaruwe supaya dolan nanging mesthi endha nganggo alesan werna-werna. Luwih-luwih nalika Pana ngerti yen saindheng omahe Murti sasat dikupengi wong sing kepapar covid lan positif. Aja maneh kuwi, selagine yen pinuju ana kabar duhkita wae mesthi disiriki dening Pana. Dheweke trima ora melu layat. Petunge kabeh mung mujudake jaga-jaga. Ananging alesan kang gumathok, Pana emoh yen Murti nyipati pletiking rasane marang Dyta. Pana ora gelem nglarani, apamaneh ngrusak pager mbedhol turus ijo.

            Kukuruyuk…!

            Lagi wae Pana ngeremake mripat, swara notifikasi whatsapp bali keprungu. Rada aras-arasen Pana ngranggeh hpne. Bener. Ana chat mlebu, nanging dudu saka Murti. Sing ngechat katelah kanca kethoprakan. Bareng dibukak kaya ngapa kagete Pana. Merga kejaba ana tulisan kabar layon, ing chattingan iku uga ana fotone Murti.

Blar...! Jantunge Pana kaya kesamber gelap. Kanca rakete mati merga kena serangan jantung. Ora krasa mripate mbrambangi. Kembeng-kembeng. Batine rumangsa getun. Getun banget. Geneya mau dikon mara neng omahe mesa mblenjani. Mangka yen arep layat genah mokal merga kahanane isih kudu waspada merga pandhemi. Batin lan pikirane Pana saya ora karuwan, jalaran pletik rasa seneng marang Ditya bali mangah-mangah. Ora merga saiki Ditya dadi randha, nanging tuwuh rasa melas lan kepengin bisa ngancani aweh panglipur. Babar pisan atine ora surak bungah. Anane rasa trenyuh. Upama ana pletik rasa tresna, bisa ditegesi iku rasa tresna kang tulus, suci lan adoh saka lelamisan. Malah bisa ditaker yen mangkono Iku mujudake rasa tresna kang sejati. Tresnane Pana marang Ditya nunggak semi.

 

CUNTHEL

 

 

 

 

 

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta