LENA - Crita Cekak Chatarina Lia Indrawati

by bahasa|| 25 Maret 2022 || || 1.363 kali

...

LENA

dening Chatarina Lia Indrawati

 

“Kadho cilik seka sigaraning nyawa,” unine caption Instragram-e Bu Dhukuh Nata kang nuduhake gambar HP weton anyar Iphone 13.

Aku banjur uthak-uthik nulis ing HP, “Wah sae sanget, Jeng!” ing kolom komentar sosial medhia kasebut. Bu Nata ya Bu Rita Sundari, kancaku nalika isih ing tataran sekolah menengah pertama. Ya Rita, kanca raketku nalika aku isih SMP. Wis rong taun iki anggone bebojoan karo Pak Nata Sukoco, dhukuh pilihan anyar kang nembe kalantik rong sasi kepungkur. Pak Nata kang kondhang minangka wong sugih ora entek pitung turunan amarga warisan seka bapakne sing duweni alas klapa sawit 50 hektar ing Kalimantan kana.

Esuk kuwi, kaya adat saben aku tuku janganan nang pangkalan pojok desa kang ora adoh saka omahku. Pancen papan kono kuwi sing paling strategis, mula bakul sayur milih mangkal ana ing kono tinimbangane mlaku ider.

            “Eh, ngerti ora, Bu Dhukuh wis pamer HP anyar ing Instagram,” kandhane Yu Asih tanggaku sing misuwur seneng adol omong.

            Lha ya ben ta, wong ya wong sugih, arep ganti sedina ping lima las ya ra masalah ta, Yu,” semaure yu Tentrem.

            “Yo pancen bener, nanging yen ngelingi biyen Bu Dhukuh ki ming wong biasa, prasaja, kayane kok dumeh dipek wong sugih banjur uripe mubra-mubru. Gek wingi pamer tas Kremes anyar, kapan kae pamer jam Aleksander Krista, durung apa meneh kapan pamer klambi merek Zora. Rak barang-barang kuwi regane ora baen-baen ta,” sumaure Yu Asih maneh.

            “Iri Jeng?” trambule Yu Sumini kang lagi nembe wae teka nalika krungu kandhane Yu Asih.

            “Aku? Iri? Ya Sorry, ora level!” kandhane Yu Asih meneh sinambi gumuyu.

            “Lha gene mau tak delok nang Instagram njenengan le komen ngalembana elok-elokan, saiki nang kene malah dadi gibahan,” saute Yu Sumini meneh karo nyengenges.

            “Ya ethok-ethoke ta Yu Sum. Pencitraan nang media sosial. Apus-apus,” semaure Yu Asih.

“Ora lo Ras, aku ki kok rada gumun, kok isa ya Rita malik dadi kaya ngana mbasan dadi Bu Dhukuh. Kowe rak biyen kanca rakete ta?” pitakone Yu Asih marang aku.

“Ora paham aku Yu, wis suwe aku ora komunikasi karo Rita,” semaurku sakecekele. Pancen aku ora seneng yen ngomongke liyan. Ora ateges aku sok suci, nanging merga aku mikir awakku dhewe wae wis mumet, apameneh ngomongke utawa ngurusi urusaning liyan.

Sejatine aku ya wis ngrasa menawa Rita mesthi bakal dadi omongane tangga. Pancen sawise duwe gelar Bu Dhukuh, lageyane Rita malih grembyang. Rita kuwi biyen pawongan kang prasaja, lembah manah lan ora seneng pamer. Omahku lan Rita kuwi jejer, mulane aku raket karo dheweke wiwit SMP. Rita pindahan saka Banyuwangi. Bapake seda nalika Rita lulus SD, banjur karo biyunge diajak pindhah nang bumi kalairane ing tlatah kulon Ngayogyakarta manggoni omah tinggalane simbahe kang pener jejer omahku. Bocahe pancen nyenengake, mulane aku uga gampang raket karo dheweke.  Sawise SMP, aku lan Rita kudu pisah amarga beda sekolah. Rita mlebu ing SMA 5, aku SMA 3. Banjur aku lan dheweke nerusake ing pawiyatan inggil kang uga beda, Rita ing ilmu komunikasi, aku njupuk pendidikan guru sekolah dasar. Dhasare Rita kuwi lantip, mula ora suwe dheweke wis dadi costumer service bank swasta ing kutha. Dene aku isih berjuang minangka guru wiyata bakti ing SD cilik ing desaku.

Pak Nata Sukoco, ya Pak Dhukuh anyar, ketemu Rita pisanan ya nalika dadi nasabah ing bank swasta panggonane Rita nyambut gawe. Dheweke dadi member platinum amarga nglebokake dana kang gunggunge ora baen-baen. Jarene Rita, kuwi warisane Bapakne Pak Nata, asiling ngedol alas sawit sing ana ing Kalimantan. Asline Bapakne Pak Nata kepengin Pak Nata nerusake pangolahan sawite ing Kalimantan. Nanging, Pak Nata wegah, milih urip nang Ngayogyakarta kang medhane ora angel lan apa-apa sarwa gampang. Amarga kerep anggone ketemu, Pak Nata kepranan karo Rita sing prasaja lan lembah manah. Mula ora let suwe, limang sasi sabanjure Pak Nata banjur ngrengkuh Rita dadi sisihane.

Aku unjal ambegan landhung, kelingan kuwi wis rong taun kepungkur. Nalika Rita isih crita apa wae marang aku. Sabanjure, aku karo Rita kaya pinisah arga agung. Wis arang ketemu lan crita bebarengan. Pungkasan nalika menyang omahku telung sasi kepungkur, nalika arep pildes. Ketemu Bapak karo simbok kang biyen wis kaanggep wong tuwane dhewe, disuwun milih garwane dadi dhukuh. Ora lali ninggali sembako lan amplop kang ditolak dening bapak. Ora amarga keluargaku sok ora butuh, nanging pancen prinsipe keluargaku yen urip kuwi kudu jujur, ora mung nengenake bandha lan donya.

Notifikasi aplikasi Instagram mlebu ing HPku. Rita upload foto maneh ing Instagram, saiki fotone nuduhake café ing tlatah pulau Dewata Bali. Dheweke katon ayu nyekeli minuman sinambi nyawang edahing segara saka kursi café. Aku rangu-rangu arep ngetik komentar. Ing punjere atiku, aku kangen banget marang slirane. Nanging ing pojoking atiku, aku uga sungkan. Seprana-seprene aku komentar ora tau digagas apameneh dibales. Isih kelingan nalika dheweke lunga seka omahku lan omong sok sugih marang kulawargaku. Kancaku wis malih. Aku kangen.

Dina candhake, ana rame-rame ing daleme Pak Dhukuh. Ana sidhak saka aparat desa jare. Yu Asih, pusat informasi gibah, wis cetha gita-gita maju dhisik dhewe kanggo golek bahan gibahan anyar. Aku mung nyawang wae seka njaba omah, banjur mlebu, wegah maelu kang dudu urusanku. Ora let suwe, wis keprungu kabar, jare Pak Dhukuh dicopot peksa anggone dadi dhukuh. Panjenengane didakwa nyathut bantuan PKH saka pamarintah. Dadi sadurunge nampa PKH, kepala kulawarga kang nampa PKH ditanting yen arep oleh PKH kudu setor 10% marang dheweke. Kamangka ing desaku, kulawarga sing nampa PKH ora sethithik. Kabar angin maneh jare bandha warisan bapakne wis entek nggo nguja garwane. Mbangun omah magrong-magrong, tuku barang-barang bermerk kang regane langitan, plesir menyang manca lan sapanunggalane nganti warisane entek. Kabeh dilakoni merga gedhe tresnane marang garwane, ya Rita Sundari, ya kanca raketku. Aku temelung, ora ngira yen bandha lan kalungguhan bisa gawe manungsa lena, ninggal subasita, ngrebut hak e wong liya. Aku kangen, kangen marang kancaku sing prasaja. Aku ndhungkluk, luhku tumetes.

 

 

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta