KANG KAYUN - Crita Cekak Sutanto

by bahasa|| 28 Maret 2022 || || 1.600 kali

...

Kang Kayun

dening Sutanto

 

Ginah katon bingung ngrasakke Kayun, merga kukuh kepingin mantokne Sawitri anake wadon kanthi cara gedhen. Arepa wis 25 tahun anggone bebrayan karo Kayun, ananging Ginah isih durung ngerti piye carane ngadhepi bojone.

Ing tlatah Kembangan, Kayun kalebu wong sugih. Saliyane pancen duwe tinggalan omah, sawah lan pomahan jembar, pakaryane minangka blantik akeh bathine. Isih katambah Ginah anggone bakul janganan uga laris.

"Pak njenengan ki rak ya ngerti ta, menawa saiki isih mangsane covid?" Ginah nyoba ngelingke.

“Covad covid covad covid. Wegah aku krungu tembung kuwi. Sak iki wis ora ana covid, wis bablas seka desa kene,” wangsulane Kayun.

“Aja ngono lho, Pakne. Awake dhewe iki urip karo tangga teparo, nek nganti gawe perkara karo tangga, luwih-luwih karo Pak Dhukuh munggahe Pak Lurah kepiye?”

“Lehmu mikir rasah tekan dhukuh karo lurah. Mantu kuwi perkarane awake dhewe. Wis ngono wae!” Kayun ora kena diendhakke.

Menawa Kayun wis kaya mengkono, Ginah mung trima meneng. Sebab menawa dibacutke malah dadi padudon, dirungokke tangga malah ora kepenak.

Saiki Kayun lan Ginah bali kaya manten anyar, anake kang aran Sawitri wis setaun nyambut gawe dadi teller sawijining Bank ing Semarang. Sawitri wis suwe sambung tresna karo kanca SMA kang aran Pambudi lulusan Teknik Sipil kang dadi pemborong.

            Sasi kepungkur nalika bali, Sawitri kandha marang bapak ibune menawa bakal enggal-enggal bebrayan karo Pambudi.

“Ngendikane Bapak Ibu rumiyin, menawi kula sampun nyambut damel angsal nikah. Lha niki kula kalih mas Pambudi mpun saged pados arta piyambak, Pramila kula kekalih enggal-enggal badhe mbangun bale griya. Menawi saged taun menika,” ature Sawitri marang Kayun lan Ginah.

“Aku sarujuk. Krana pancen wis dadi kudanganku, menawa wis padha nyambut gawe, enggal bebrayan iku luwih prayoga,” kandhane Ginah.

“Pokoke aku bakal mantu gedhen. Mosok Blantik sugih ming ewuh cilik-cilikan, mengko dirasani wong akeh dikira aku cethil,” sambunge Kayun bombong.

Wiwit Sawitri bali, Kayun sengkut reresik omah. Malah ana tenaga kang ngecet lan dandan-dandan.

Ginah isih tetep mangro, ing atine tuwuh pepinginan ewuh gedhen kaya karepe bojone, nanging atine uga semelang gek-gek ora diidini merga isih kahanan covid.

            Sore iku Kayun lungguhan, ngombe teh ginasthel, wedang teh legi panas tur kenthel kang dadi karemane. Ora lali tela karo gedhang goreng sumaji sacerake.

            “Wah jian, lagi mat-matan to iki. Nganggu ora iki kang?” ngerti-ngerti Wibawa wis lungguh neng ngarepe.

            “Mangga Pak Dhukuh, kados kalih sinten mawon,” kandhane Kayun gapyuk.

            “Bune, iki Pak Dhukuh digawekke unjukan!”

            “Ora susah repot-repot Kang, wis biasane dolan wae kok.”

            “Alah Pak, namung toya kendel mawon kok,” tembunge Ginah nalika ngladekke wedang.

            Wong telu jagongan bareng, ngombe karo mangan pacitan. Tumrap Wibawa, minangka pamomong masyarakat kudu bisa ajur ajer marang kabeh wargane ora bakal emban cindhe emban siladan.

            “Lagi wae aku nampa kabar, menawa Widada adimu naksanak, bar nampa dhayoh calon besan saka Muntilan. Nanging, ora gantalan wektu, dheweke positif kena covid lan mondhok neng rumah sakit,” Wibawa mbukani rembug.

            “Miturut kula, niku amergi kirang ngatos-atos mawon,” Kayun kaya kurang seneng.

            “Kang. Kabar iki minangka kaca benggala supaya awake dhewe kabeh slamet saka bebaya, kudu ngati-ati,” Wibawa menehi pengerten.

            “Kula ngurmati njenengan minangka Dhukuh. Ning perkarwis covid, kula mboten ngandel. Niku namung reka-rekane wong sik pingin mayokke masker kalih obat,” tembunge Kayun ora ngepenakke kuping.

            “Pakne, mbok ya digatekke ngendikane Pak Dhukuh, ora-orane menawa arep njlomprongke,” Ginah nyoba nyapih.

            “Ora ngandel ki ya ora ngandel. Covid kuwi ora ana,” Kayun ngeyel.

Wibawa nyoba nata ati, aja nganti kebrongot. Minangka pengarepe warga, kudu ati segara. Mula Wibawa trima pamit.

***

Saben nglumpukke warga, Wibawa tansah ngelingake wigatine njaga protokol Kesehatan. Kasus covid pancen mudhun, mula wis diadani patemon. Ing undangan mesthi ana pepeling: cuci tangan, nganggo masker, jaga jarak, menghindari kerumunan, mengurangi mobilitas. Nanging ora kabeh gelem manut pranatan, mesthi ana sik ora manut kalebu Kayun. Mangka tatanan kursi wis digawe arang, uga dicawisi papan wisuh, nanging ya tetep wae ana kang nerak. Wibawa tansah ngelingake supaya wargane manut tatanan urip anyar dimen keslametan.

            Wis seminggu Sawitri ora menehi kabar. Mangka adat sabene rong dina pisan nelpon ibune. Bab iku ndadekke pitakonan, atine Ginah dadi krencungan.

Dumadakan jam wolu bengi ana tilpun saka rumah sakit Semarang.

            “Pakne, anake dhewe mondhok. Aku kudu piye?” Ginah nangis.

            Ora kaya adate, Kayun mbegegek meneng wae. Sawitri mono mung anak siji, ora mokal menawa ing atine kebak rasa was semelang. Ngerti Kayun meneng, tangise Ginah tansaya sero nganti keprungu tanggane, klebu Wibawa. Age-age Wibawa marani Ginah.

            “Ngapa yu, kok nangis ngguguk?” pitakone Wibawa.

            Ginah ora enggal wangsulan, semono uga Kayun meneng wae karo ndhingkluk.

Sawise isa nata ati, Ginah njlentrehake menawa oleh kabar yen Sawitri mondhok amerga covid.

Wibawa njaluk nomer tilpune Pambudi marang Ginah, diulungi buku notes.

Pak Dhukuh banjur metu neng teras sawetara suwe, banjur bali mlebu meneh.

“Kang Kayun, Yu Ginah. Manut katerangane Pambudi, anakmu Sawitri lagi transfusi darah. Saiki tak jaluk aja bingung atimu, nanging padha minjurung donga muga-muga anakmu enggal pulih kaya wingi uni.”

“Nggih Pak,” wangsulane wong loro bareng.

Bengi kuwi, Pak Dhukuh karo sawetara tangga cerak padha lek-lekan ngancani Kayun sebatih. Wis dadi jamake urip ana ndesa isih kenthel rasa gotong royong marang tangga teparo. Kabeh rumangsa seneng menawa bisa tetulung ngentheng-enthengi panandhange liyan.

Liwat tilpun, Pambudi menehi kabar menawa Sawitri wis ora drop maneh. Wis sambung dijak omong-omongan. Kabeh mau ora uwal saka kanugahaning Gusti Kang Murbeng Jagad.

“Kang Kayun, Yu Ginah, aku tak kandha ya,” Wibawa mbukani rembug, sawise wong loro lungguh neng ngarepe.

“Pripun Pak Dhukuh,” pitakone Ginah, dene Kayun durung kumecap.

Karo nyawang kekarone, Wibawa mbacutke kandhane, “Njenengan sakloron wis krungu kahanane Sawitri. Mligine Kang Kayun, apa njenengan isih tetep ora ngandel menawa covid isih ana lan apa ya tetep arep mantu gedhen?”

“Nggih. Kula ngrumaosi lepat, gadhah watak puguh lan ngeyel. Kula tetep pingin nyawang anak kula Sawitri ijab. Kula nglenggana Pak,” wangsulane Kayun groyok.

“Ya syukur kang nek kaya ngono, durung kasep ngrumangsani luput. Saiki mung kari bareng-bareng ndedonga, Sawitri enggal bisa waras lan ilang lelarane.”

Kabeh padha nyekseni, menawa Kayun gelem nglengana lupute.

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta