NATA JANGKAH - Crita Cekak Andhi Wisnu Wicaksono

by bahasa|| 29 Maret 2022 || || 1.470 kali

...

Nata Jangkah

dening Andhi Wisnu Wicaksono

  

Pageblug sing wis rong taun nemahi, meksa manungsa gumregah nglarasake marang kahanan anyar. Pangaribawane ndadekake manungsa mbudidaya bisane tetep sesambungan sanadyan ora kanthi gapyuk pethukan. Ketemu wong liya mung winates, tur kudu prokes. Sajrone mangsa pageblug, ndadekake akeh kang poyang-payingan. Sing sekolah judheg.   wong tuwane buneg. Gadget sing biyen ora saben wektu bisa disandhing bocah, saiki gelem-ora gelem tansah rinegem. Yen wis ngene iki sing saya koming ora wurung ya wong tuwane. Wragat tambahan tuku pulsa, dadi guru dadakan, lan kudu ajeg duwe pametu nyukupi butuh padinan.

Pelajaran sekolah durung dhong, sing ditubruk wong tuwane. Mbuh ngerti apa durung marang piwulang sing ditampa, rampung anggone nampa pelajaran online ya ora leren olehe nguthek-utheg gadget. Apamaneh Yen wis nyekel gadget lumrahe banjur lali marang kuwajibane. Lali madhang, lali adus, lali maca, lali nyapu lan reresik amarga banjur klekaran mabar apa cetingan. Sing cetha yen lagi mempeng ngutheg barang siji kuwi padatan ora gelem diselani. Durung maneh yen dhata pulsane entek sing ditubruk ya wong tuwane. Kamangka ing kahanan sing kaya mangkene iki banget abote tumprap sing kapangaribawan phk apadene leren makarya amarga perusahaane kukut ketabrak Covid-19. Mbok menawa sajrone rong taun sekolah lumantar online ing tembene bisa dadi critane bocah-bocah marang anak turune.

Lamat-lamat saka ndalan kidul ngomah keprungu bocah padudon karo wong tuwane. Dakindhik saka korden, jebul tanggaku let telung omah sing lagi padudon karo anake. Saya suwe suwara mau tansaya cetha tumuju ing plataran omahku. Ngrugokake sing padudon ketara banget bocah mau anggone ora nduweni subasita marang wong tuwane.

“Mama itu bego banget, bikin geguritan jadul aja kagak bisa.”

“Co, kalau ngomong jangan asal ya!. Mulutmu itu loh. Emang kamu bisa?”

“Lha kan jelas! Coco gak bisa jadi tanya Mama. Eh malah Mama kagak bisa, malu-maluin. Bikin gini aja tanya orang!”

“Mulutmu bisa diem nggak!”

“Mamah sih bego!” 

Ora antara suwe sing padha padudon tekan teras ngomah.

            “Kula nuwun….”

            “Mangga Bu Virga”

            “Wonten kawigatosan menapa, Bu?”

“Menika badhe nyuwun tulung dipunajari damel geguritan, Pak Broto.”

“Sinten ingkang badhe ajar damel geguritan?”

“Menika anak kula. Coco angsal tugas damel geguritan saking sekolahipun, mangka kula mboten ngertos caranipun. Nyuwun tulung pun bimbing nggih, Pak?”

“Sak kamat-kamat nggih, Bu Virga.”

Alon-alon dakajari. Dakdunungke banjur wiwit nulis gurit. Sag-seg gurit klakon dadi. Bocah mau banjur bali karo ibune.

            Sanadyan gurit mau wis dadi lan mesthine esuke wis ditumpuk ing sekolahan, ananging ana ganjelan rasa pamikir kang ora bisa dakselaki. Mbuh iki amung pangrasaku apa pancen kedadeyane kaya mangkene. Ngrungokake anggone padudon Bu Virga karo Coco ing ndalan, ati iki rasane nggrantes. Ya gene bocah-bocah saiki kaya mangkono patrape marang wong tuwane. Basa-basa ing medsos sing kudune disaring mung mlebu bleng aneng pikirane bocah. Mula ora mokal yen banjur kelakon ana bocah mbodhokke wong tuwane kanthi tembung kasar kaya mangkono. Ning ya kepriye maneh, saiki malah wis dadi karemane para wong tuwa kanggo ngganteni ayahane momong banjur dipasrahke marang gadget kang bisa ngajari apa wae. Mbuh kuwi bener apa ora. Sing baku bocahe dhemen. Bisa meneng ora ngriwuti anggone makarya.

Sing ndadekake gumun maneh, saka pangandikane sing jangkep nggunakake basa Jawa, yagene Bu Virga ora bisa ngecakake marang putrane. Gemang mulang putrane basa Jawa? Amarga budaya Jawa  dianggep ‘jadul’? Apa babagan liyane meneh? Yen kebanjur-banjur wong tuwa sing saiki kagungan putra isih sekolah isin nggunakake basa Jawa ing ngomah, banjur kepriye lakune basa lan budaya Jawa ing tembene? Durung maneh tumprap nom-noman kang lagi omah-omah tetembungan ibu-bapak uga dianggep wis wangun owah.  Sewengi natas pikiran iki mubeng. Nyoba ngonceki lan nggagapi. Yen nganti  basa Jawa mung ngrembaka ing jagad pamulangan, mligine ing mata pelajaran sekolah lan maneka lomba tanpa ana bacute ing jagad pasrawungan, blaik tenan bakal kelangan gedhen? Ngrungokake tembunge Coco sing rumangsa isin menawa ibune takon marang wong liya, bisa uga iki mujudake salah sawiji pengaribawa ‘indivualistis’ sing wis rumasuk ing wanci iki. Panduga mbok menawa, mung iki kahanan kang nyata dumadi. 

            Mak ler, mripatku merem. Pangudarasaku kumleyang tanpa winatesan wanci. Mancik pathet sanga, Ayak Jalu Mampang ngumandhang, humiring jumedhule para punakawan. Gegojegane Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong kaya nyemoni marang  sing dakrasakake. Bagong protes marang Semar lan sedulur tuwane amarga rumangsa ora diajeni anggone nggegulang budaya Jawa. Tuladhane nembang macapat wis ora ana sing maelu. Ngungak uyon-uyon gemang jare mung marahi ngantuk, marahi turu. Ajar nyindhen, ajar nabuh, ajar mayang padha gemang sebab payune ya mung ing bebadan-bebadan. Beda karo sing  genjrang-genjreng, nyatane akeh sing nyemak lan nggatekake. Iki kahanan nyata sing ora kena digegampang. Merga yen kedlarung-dlarung, bakal sida kesingsal budaya Jawa. Ing kono banjur bantah rembug  kalawan Petruk lan Gareng. Petruk njlentrehake, pancen bener ora kabeh pawongan kuwi saiki gelem marsudi lan nggegulang budaya. Ananging bakal beda patrap lan tumindake tumprap sing gelem sinau kabudayan. Gareng uga njlentrehake, ora ana wong nggilut kabudayan luhur  banjur wani mancahi wong tuwane sakarepe dhewe. Pungkasane Semar udhu panemu, sing luwih baku aja mung udur nanging bisowa ngajak lan asung piwulang marang para nom-noman supaya ing tembe bisa tepung, dunung, lan srawung marang budaya Jawa. Gegayuhan mau ora bakal bisa kasembadan lamun ora kerep lan karep nglakoni.

             Kaya nampa wejangan jrone turu. Jago kluruk sesautan, ing antarane angin-angin  jendhela katon sumorot rerantak bang wetan. Byak mripatku melek. Isih katon gawang-gawang pacelathone para Punakawan. Dhalang sing mejang kaya aweh pangatag, mbombong ati lan pikiranku. Sinambi nunggoni wedang umeb, dakbukak serat Wedhatama pupuh Sinom pada 15. Sajrone serat mau diandharake babagan wirya, arta, lan wasis minangka sangune urip lamun ora kepengin kaya godhong jati aking. Jumbuh marang isine tembang mau atiku kaya kedhodhog, kupiya apa sing bisa ditindakake kanggo generasi ing tembe. Miturut etungan taun 2045 jangkep 100 taun kamardikan NKRI bakal dumadi bonus demografi. Yen ora diwiwiti saka saiki anggone nata lan niti laku budaya, njur kapan maneh? Ana rasa ora lila yen bangsa sing biyen nate kaloka iki sirna amarga kakikis mburu majune teknologi lan mlumpukke kadonyan nanging koncatan kapribadene. Banjur ing ngendi dununge jiwa jawane wong Jawa? Mak gragap lamunanku ilang mbarengi wedang ing ceret umeb lan lintingan ududku nylomot lambe.

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta