PAGEBLUG ATI - Crita Cekak Budi Yanto

by bahasa|| 31 Maret 2022 || || 1.489 kali

...

PAGEBLUG ATI

dening Budi Yanto

 

“Mas, Mas, Mas Jalu maskermu ora lali!” pengelingku marang Mas Jalu.

Krungu aku bengok, Mas Jalu banjur mlebu meneh saperlu jupuk masker.  Prasasatku, saiki nek metu omah ora nganggo masker kayata wong numpak montor ora nganggo helm, neng ati krasa ana sing kurang, gawe ati ora tentrem.

Pageblug iki ngowahi tatalakune menungsa. Para warga masyarakat dikon meluni protokol kesehatan manut pangrehe pamarentah. Kudu nganggo masker nalika metu omah. Dikon asring wisuh nanggo sabun. Kabeh pada cemepak Handsanitizer. Arep lunga sangu Handsanitizer, saben ana acara cemepak Handsanitizer kanggo wisuh para pasarta kang pada hadir. Pamarentah ya wanti-wanti akon jaga jarak lan ngedohi rame-rame supaya nyuda sumebare virus covid-19. Sing paling utama ya sajane dikon neng omah wae, ora lelungan nalika ora duwe perlu.

Alhamdulillah, puji syukur marang gusti. Sawise ditinggal suwargi bapak, Mas Jalu dadi sregep nyambut gawe. Muga-muga neng gawean saiki Mas Jalu bisa krasan lan bisa ngasilke rejeki kang barokah. Aku sing dadi adhine melu seneng nalika kangmasku bisa obah, ngupaya rejeki kang halal. Sajane aku ya pingin nyambut gawe meneh kaya nalika sadurunge ana pageblug iki. Nanging kersane Gusti, aku dikon tunggu omah sik, ngrumat omah sing suwe ora kambah sapu. Nalika iseh nyambut gawe aku kaya ora duwe wektu reresik omah. Isuk-isuk wis kudu mangsak kanggo sarapanku lan mas Jalu. Mulih kerja wis wayah bengi kudu ngasahi perkakas kang mau esuk dinggo mangsak lan sarapan. Ah, kangen.

Lha, lha kok Mas Jalu kondur meneh. Wah mesthi ana sing ketinggalan. Kulinan elek, nek arep lelungan ora digathekke gawanane.

“Wonten napa Mas, kok kondur malih?”

“Arep ana tamu,” wangsulane Mas Jalu karo nyelehke perkakas sing dinggo nukang. Banjur mlebu kamar.

Metu kamar wis nganggo klambi rapi, dandan klimis. Ora kaya adate.

“Dina iki Arep nampa dhayoh sing spesial, nganggo endhog,” pangucape Mas Jalu Karo mesam-mesem.

“Mau ki Dulhadi ngebel, jare saiki wis neng dalan arep dolan mrene. Lha wingi ngebel ki tak kiro arep dolane bengi, eh jebul nyahwene. Yowis kebacut Dulhadine wis neng dalan, aku sing mulih wae,” Mas Jalu jlentrehake.

Owh ngono ta. Merga kuwi aku ora oleh lunga, saperlu melu nyambut tamu iki. Aku dikon adus lan dandan saperlune. Aku mung bisa manut karepe Mas Jalu. Melu nyambut dhayoh sing spesial ‘nganggo endog’, sing aku ora kenal wonge, piye wujude, lan apa perlune. Aku trima manut mergane aku ora duwe jadwal metu.

“Hallo, wis tekan ngendi Dul?” pitakone Mas Jalu marang wong sing neng sebrang tilpun.

“Iki lho, lagi tekan prapatan Dongkelan. Dilit meneh tekan,” suara saka sebrang tilpun.

“Yo, ngati- ati. Tak enteni neng omah. Ora lali dalane ta?” telpon ditutup banjur Mas Jalu cerita, Dulhadi kuwi kancane Mas Jalu nalika SD. Biyen sekelas, lungguhane yo ora gelem pisah, jejer. Sawise SD Kelas telu Mas Dulhadi lan keluargane pindhah menyang Jakarta. Nalika kuwi Bapakne Mas Dul wis kaya dulur dhewe, nek karo suwargi bapak wis kaya kakang adhi. Sangkin rumakete suwargi bapak karo bapakne Mas Dulhadi pingin seduluran.

Sembari ngrungokake ceritane Mas Jalu, aku whatsappan karo Mas Bayu. Ceritane Mas Jalu sing dawane kaya kali progo ora dakgathekake. Mas Bayu whatsapp nek dhekne saiki wis oleh penggawean sing mapan. Ora kaya biyen pas bareng kerja karo aku, saiki jare gajine wis mundhak dhuwur. Merga kuwi Mas Bayu wis ngrantam sasi ngarep arep nglamar aku banjur sasi syawal nikah. Bapak ibune yo wis sarujuk nek Mas Bayu arep nglamar aku. Mung kari aku sing gelem orane.

Pikiranku grambyang, ditakoni Mas Bayu babagan kuwi. Aku dhewe durung siap amarga Mas Jalu durung ngerti sesambunganku karo Mas Bayu. Aku wedi nek Mas Jalu ora setuju. Apa meneh Mas Jalu saiki durung rabi. Aku wedi nek Mas Jalu ora kersa menawa dilangkahi. Aku ora bisa mangsuli pitakonane Mas Bayu. Ketak-ketik arep balesi whatsappane Mas Bayu, wedi salah, dakbusaki meneh.

“Assalamualaikum,“ suara saka jaba omah.

“Wa’alaikum salam,” aku karo Mas Jalu bebarengan.

“Piye kabarmu le?”

“Alhamdulillah sehat Pakdhe. Pakdhe niki Rusti, Rusti iki Pakdhe Rame. Bapakne Mas Dulhadi sing mau tak ceritakake.”

Aku sungkem Karo ngrungokake Mas Jalu nepungke aku karo Pakdhe Rame.  Sajane Pakdhe Rame yo wis ngerti aku, mung kanggo basa-basi wae Mas Jalu nepungke aku. Sawise di tepungake karo Pakdhe Rame, aku ditepungake karo Mas Dulhadi. Pakdhe Rame karo Mas Dulhadi Banjur lungguh neng kursi reyok warisane suwargi bapak.

Aku lunga menyang pawon saperlu gawe wedang lan nyepakke pacitan kanggo tamu. Neng pawon aku iseh kepikiran karo pitakone Mas Bayu. Piye caraku mangsuli pitakonan kuwi. Piye caraku cerita marang Mas Jalu. Sarwa bingung. Mumet. Dakira sikilku panas kena ngapa? Ora sadar, aku ngilingi wedang nganti luber. Gage jupuk gombal kanggo ngelap wedang kang wus semuntak. Ora lali bebak timun kanggo tamba sikilku sing kesokkan wedang panas.

“Kok suwi, Rus?” pitakone Mas Jalu.

“Inggih mas, wedange lagi mawon umeb,” wangsulanku sakenane.

Sawuse teh panas lan nyamikkan wis cumepak ana ing dhuwur bangku, aku nyelehke tembor neng sandhingku lungguh. Pakdhe Rame cerita nek biyen ngarep omahku kuwi ana wit asem gedhe sing gawe iyup. Neng ceritane, Suwargi bapak lan Pakdhe Rame saben dina ngahad yen wayah awan seneng jagongan karo ngopi ana ing ngisor wit asem kuwi. Mas Jalu karo Mas Bayu yo ora gelem kalah olehe cerita. Jarene menawa bali sekolah asring menek wit asem kuwi, ora wurung aku yo sering dolanan ngisor wit asem kuwi. Aku dadi kelingan sadurunge sekolah sering melu dolan bareng karo mas Jalu lan kancane Mas Jalu, nanging lali jenenge sapa. Eh saiki lagi ngerti iki kanca cilikane Mas Jalu.

Cerita ngalor ngidul nganti ora rampung-rampung, dumadak Pakdhe Rame ngandharake babagan kang wigati. Jarene biyen suwargi bapak lan pakdhe rame duwe panganen-angen gawe seduluran kang temen. Mangka kuwi suwargi bapak lan Pakdhe Rame gadhah kekarepan Mas Dulhadi lan aku bisa urip bareng saomah, ateges bisa bebojoan.

Mak dheg atiku. Mak Pet!

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta