REBUT MRUPUT ENTUK BENJUT - Crita Cekak Anwar Wiyadi

by bahasa|| 31 Maret 2022 || || 1.334 kali

...

REBUT MRUPUT ENTUK BENJUT

dening Anwar Wiyadi

 

Azis kang lagi nembang ing kamar mandi keprungu suarane mung samar-samar. Katon cetha lelagon kang di tembangake, nalikane uwis metu seka kamar mandi. Pancen perlu diacungi jempol menawa suara Azis iku apik bening, dirungokake kepenak ing kuping. Ananging suara kang apik iku anehe ngepasi tekan tembang kang unine ‘wong salah ora gelem ngaku salah, suwe-suwe sapa wonge sik betah’ dumadakan ana swara kang ngendhekake tembange.

“Kuwi nyemoni tambah nyenges lang ngelehake aku ngono apa piye Zis?” pitakone Nana sing metu seka kamare lan katone ora dadi karepe.

“Wong aku we ora salah, ya wonge kuwi sik ora dhong. Nglancangi seka sisih kiwa banjur menggok nengen tanpa reting sisan,” ucape Nana sinambi ngampet lara jalaran tiba srempetan numpak motor.

“Ya ampun Mbak, suwer sumprit aku iki ora nyemoni karo sampeyan!” wangsulane azis semu ngampet guyu.

“Ora percaya aku, wong prupamu ketok!” bantahe Nana marang azis sinambi nudingi.

“Lha kepiye leh ora arep ngguyu, wong aku nembang-nembang dhewe, ora ana sambung rapete karo tibamu” wangsulane Azis.

“Eis, tetep ora percaya aku” bantahe Nana maneh

Sinambi neruske laku tumuju kamare lan ninggalake Nana, Azis wangsulan, ”E... ora percaya ya uwis!”

“E… malah lunga!” pembengoke Nana rada sero.

Swarane Nana kang rada sero iku keprungu ibune kang asmane Bu Rina, kang arep nyawisake obat seka dhokter kanggo Nana.

“Ana apa ta Mbak... kok padha rame?” pandangune Bu Rina marang Nana  

“Adhik nika, nyemoni kula” wangsulan Nana karo mbesengut.

“Nyemoni perkara apa?” pitakone Bu Rina.

“Nembang niku lho Bu, wong salah ora gelem ngaku salah… wong kula niku mboten lepat. Tiyange niku sing lepat!” mangkono ature Nana sing isih njegadul polatane.

Bu Rina iya mung ngrungokake apa kang diaturake anake wadon iku, amerga sumelang menawa ditanggapi bakal ora dadi karepe. Kanthi aris lan kebak ing katresnane minangka jejere wong tuwa, Bu Rina banjur nggandeng Nana mlebu kamar.

“Wis ya Ndhuk cah ayu, saiki luwih becik dianggo ngaso dhisik, kareben enggal cepet mari tatu-tatu ing awakmu iki!” tanpa wangsulan Nana banjur mung manut, mlebu menyang kamare dituntun dening ibune.

Ing teras omah Pak Gunawan (garwane Bu Rina) lagi lungguh, dhumadakan teka tanggane kang jenenge Mujikirjo nanging celukane Owa. Pak Gunawan weruh menawa sing teka neng omahe iku Owa, ing batine wis bedhek yen wong iki mengko mung arep nambahi pikiran. Gegandhengan Pak Gunawan wis kulina lan apal karo sipate Owa tukang adol kulak warta utawa istilahe saiki diarani kepo.

“Kula nuwun Pak Gun” uluk salame Owa.

“Mangga. E... Dhik Owa kene kene!” piwalese salam Pak Gunawan

“Nembe napa niki kok ketingalipun kados wonten ingkang dipuntengga?” pitakone Owa kaya wong sok ngerti kae.

Pak Gunawan ora wangsulan mung mesem, banjur nawani Owa lungguh jero omah apa cukup ana teras. Kanthi sok kaya wong wicaksana Owa milih ana teras wae. Sawise lungguh Owa banjur nakokake kepiye kahanane Nana sabubare nama alangan mau esuk. Kanthi alon lan tegas Pak Gunawan paweh wangsulan menawa Nana apik-apik wae ora ana tatu kang nguwatiri.

“Ya wis lumrah ta menawa wong tiba iku lara najan ora nemen, apa maneh disrempet utawa malah ditabrak,” ngendikane Pak Gunawan.

“Lha niku Pak, kula sowan mriki niku ajeng lapuran. Menawi wau enjing kula rak kepanggih kalian lare ingkang nama Johan, kula sampun ngemutaken kanthi aris kebak ing rasa kekadangan menawi piyambakipun menika kedah tanggel jawab,” umuke Owa kaya wong sing duwe kawenangan.

“Johan sapa, Wa?” pitakone Pak Gunawan ethok-ethok tambong.

“Lha nggih Johan sing nabrak Dhik Nana niku?” wangsulan Owa kanthi mantep.

“Banjur apa wangsulan Johan?” pitakone Pak Gunawan.

“Bolak balekna yen lare saniki nggih Pak, babar blas ora duweni subasita, unggah ungguh, lan tata karma. Kula niku kirang kepripun, anggen kula tanglet alon lan alus, e… wangsulane kok boten ngenakke kuping!” wangsulane Owa kaya rumangsa sing paling bener dhewe uga gebas-gebes lagone.

“Mengko dhisik, pitakonku durung kok wangsuli lho! Wangsulane Johan kuwi, kok ora ngepenakke kupingmu?” pitakone Pak Gunawan rada sero luwih tegas.

Abang ireng praupane Owa wedi yen kewirangan, ewa semana isih bisa ndelikake gorohe. Lan banjur ngomong “Ngaten Pak, Johan niku rak sampun cetha ta, ingkang nyrempat Dik Nana? Kok nggih bisa-bisane gomong kalih kula rembugan kaliyan tiyang sepuhe jeng Nana. Gek sok sibuk jare selak kesusu kerja,” mangkono wangsulane Owa sing katon sengit merga rasa cemburu.

“Bener wangsulane ngono kuwi?  Tak gathuke wani?” pitakone Pak Gunawan

“Weh, lha cetha wantunipun,” wangsulan Owa kanthi umuk.

“Mangertiya ya! Sing nyerempet Nana iku dudu Johan, ning wong liya! Dene Johan kuwi sik nulungi Nana wiwit seka papan sing kanggo tiba terus nggawa neng Puskesmas nganti ngeterke mulih. Dene pakaryane Johan iku intel polisi,” katrangane Pak Gunawan marang Owa.

Sanalika Owa dadi meneng ora bisa caturan apa-apa, dene Pak Gunawan banjur age-age ngadeg saka kursi jalaran weruh ana mobil mlebu ing plataran. Mobil mandheg mesin mati lawang mbukak, banjur ana wong telu metu seka mobil. Owa malih dadi pucet ora duwe cahya, meruhi Johan lan kancane cacahe loro katon kaya tukang kepruk.

“Mangga-mangga nak Johan lan sedaya mawon, mangga katuran mlebet,” aturane Pak Gunawan marang para tamune.

Sauwise para tamu wis padha mlebu tumuju ruang tamu, Owa banjur age-age lunga, sumelang menawa omongane mau diwadulake neng Johan. Sabubare bage binage Johan banjur ngaturake menawa keluwarga pihak sing nyrempet tanggung jawab lan dirampungake kanthi kakulawargan.

Kanggo mufakatake rembug plong sakabehe Nana uga diajak melu rerembugan.

“Piye cah ayu, wis bisa nampa ta rembug iki mau?” pitakone Bu Rina marang Nana. Nana ora wangsulan mung manthuk sajak semu isin marang tamu-tamune luwih-luwih marang Johan.

“Prastawa iki satemene kena kanggo pangeling eling awake dhewe kabeh utamane kanggo sliramu nana cah ayu, uga Nak Farid. Numpak kendaraan ora kena kemrungsung, apa maneh nekad banter banteran. Sanajan wektu iki diarani ana ing jagad anyar, subasita numpak kendaraan ora kena ditinggalake sanajan nguyak wektu. Tundhone apa? merga rebut mruput entuk benjut. Iku kabeh mau merga buru bisa cap jempol ora keri utawa apa arane kuwi?” Bu Rina ethok-ethok ora ngerti meneng kaya mikir. Dumadakan tanpa diabani Nana lan Johan baren muni ‘pinjerprint’

Seka arah jero Azis muni, ”Cie Cie kompak ni ye!”

  

 

 

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta