DLUWANG KLUWUS - Crita Cekak Eko Budi Kaswanto

by bahasa|| 04 April 2022 || || 1.591 kali

...

DLUWANG KLUWUS

dening Eko Budi Kaswanto

Ing pojokan kamar, Ardy katon suntrut, prasasat kaya ketaman sedhih. Pasuryane katon pucet. Sorot saka mripate  nuduhake menawa dheweke lagi ana samubarang perkara kang abot. Dheweke ambegan landhung, nalika mbuka lemari nemu potrete bapakne sing wis seda 3 taun kepungkur amarga nandang gerah. Potret dicandhak Ardy. Ora krasa tumetesing luh mbrebel saka mripat nelesi pipi. Tutuk tan bisa angucap apa-apa, kelingan nalikaning bapakne isih ana ing sisihe.

Ardy isih kelingan marang bapakne kang asma Pak Bardi. Nalika isih sugeng pancen Pak Bardi kuwi wong tuwa sing pantes dadi patuladhan marang anak-anake. Sanajan amung lulusan SD nanging pranyata Pak Bardi nduweni sipat sing lembah manah, andhap asor, lan maringi piwulang marang putra-putrane babagan subasita lan tata karma ing masyarakat. Bab sing keri dhewe yaiku subasita kuwi sing isih dieling-eling Ardy nganti saiki.

Subasita pancen perkara sing kudu  digatekake. Apamaneh ing jaman saiki para nom-noman wis padha lali marang subasita. Piwulang sing diwulangake Pak Bardi isih krasa tumancep nganti saiki. Lumantar dluwang kluwus kang ana tulisan bapakne kanthi unen-unen ‘Jaganen kapribadhenmu nganggo subasita’. Sanajan katon kluwus nanging pranyata kuwi bisa ndayani Ardy anggone ngetrepake subasita karo sapa wae. Dluwang kang nganti saiki isih temempel ana ing cendhela kamar, bakal tetep kasimpen dadi wujud rasa tresna Pak Bardi marang anake.

     Dluwang dicandhak marang Ardy. Wis 3 taun dluwang kluwus kuwi temempel, sanajan wis samar tulisane, nanging nduweni piwulang luhur lan tansah dadi pangeling-eling kanggo Ardy. Sawise bapakne seda, Ardy amung karo ibu lan adhike kang aran Hesti. Ora krasa Ardy saiki wis kelas 2 SMA, dene Hesti lagi kelas 4 SD. Hesti wis katon tatag atine, panggah owah, ora bakal sedhih, sanajan krasa perih ing bathin, nanging lelakon iki kudu dilakoni.

Jam wis nuduhake pukul 06.30. Wancine bocah-bocah padha mangkat sekolah. Semana uga Ardy karo Hesti. Wis dadi pakulinan, bocah loro mau kudu tangi esuk. Piwulang iki diwulangake bapakne nalika isih sugeng. Jam 04.00 bocah loro wis padha tangi turu banjur nindakake shalat subuh lan mbiyantu pakaryane ibune kang dadi bakul tahu ing Pasar Beringharjo. Jam wis nuduhke pukul 06.45, sawise padha sarapan, banjur tata-tata budhal sekolah. Sepedha onthel sing ana pawon dicandhak karo Ardy, dituntun tumuju ing ngarep omah karo nyeluk adhine kang isih ana ing njero omah.

“Ayo ta Hes, mengko ndhak telat,” mangkono pocapane Ardy karo markirke sepedhahe ana ing ngarep omah.

“Nggih Mas, kula sampun siyap kok,” wangsulane Hesti karo nyandhak tas kang ana ing kamare.

Pancen Ardy anggone neng sekolah mesthi mboncengake adhine amarga  pit sing diduweni amung ana 2. Siji dingo ibune lan sing siji diinggo Ardy lan adhine. Wis dadi pakulinan sadurunge budhal sekolah kudu pamitan karo wong tuwane. Mangkono piwulang kang diwulangake almarhum bapakne kang kudu ngetrepake subasita karo sapa wae apamaneh karo wong tuwane.

“Bu, kula lan Hesti dhateng sekolah riyin nggih, nyuwun pangestu,” mangkono ature Ardy karo ngaras astane ibune.

“Iya Le Ndhuk, sing ngati-ati neng dalan lan anggone sinau sing tenanan,” mangkono wangsulane ibune karo nyiapake tahu sing arep didol ana ing pasar.

“Inggih, Bu,” mangkono wangsulane bocah loro.

Jam wis nuduhake pukul 06.50 Ardy wis tekan SDne Hesti. Wedi telat banjur Ardy banjur Ardy nggenjot sepedhahe banter  tumuju marang SMAne. Apese neng dalan sepedhahe gembos banjur age-age golek bengkel kanggo ngompa sepedhahe. Tenan tekan sekolahan regol wis ditutup karo pak satpam. Pit distandarake ana ing ngarep regol, karo krenggosan Ardy age-age matur karo satpame.

“Sugeng enjang Pak, nyuwun pangapunten kula randhat,” mangkono ature Ardy karo ngelap kringe kang ndlewer nelesi pipine.

“Oh, Ardy ta? Ngapa mas kok tumben telat,” wangsulane Pak Satpam karo  mbuka regol sekolah.

“Saestu nyuwun pangapunten Pak, kala wau wonten margi sepedhah kula dumadakan gembos lajeng kula pados bengkel riyin,” wangsulane Ardy karo nulis ana ing buku catatan kasus.

“Oh ya wis yen ngono, gek ndang mlebu aja lali nyuwun surat ijin masuk karo guru piket ya,” ature Pak Satpam.

“Nggih, Pak,” wangsulane Ardy karo age-age tumuju guru piket saperlu njaluk surat ijin.

Surat ijin masuk kelas wis ana. Ardy banjur tumuju ana ing kelase. Jam 1 iki pelajarane yaiku Basa Jawa kang diasta dening Pak Antok. Lawang didhodhog banjur aruh-aruh marang Pak Antok. Kanthi patrap ngapurancang Ardy matur karo Pak Antok.

“Sugeng enjang Pak, nyuwun pangapunten kula randhat mlebet ing kelas amargi wau wonten margi, sepedhah kula gembos lajeng kula pados bengkel rumiyin,” mangkono ature Ardy karo nyaosake surat ijin marang Pak Antok.

“Oh ya ora papa Mas, ning sesuk aja dibaleni maneh,” mangkono wangsulane Pak Antok karo dhawuhi Ardy supaya lingguh ana ing panggonane.

“Para murid kabeh, iki lho tuladhane Ardy, siswa sing bisa ngecakake subasita ing ngendi wae papan. Ing jaman saiki pancen bisa dietung para mudha sing bisa ngetrepake unggah ungguh lan subasita ana ing pasrawungan. Apamaneh ing jaman sing sansaya modern iki, akeh kabudayan seka manca sing mlebu ing bangsa kita sing durung mesthi nduweni piwulang sing apik. Pranyata jaman saiki akeh sing wis padha lali karo basa lan budaya Jawa. Malah ana unen-unen ‘ong Jawa wis ilang  Jawane’.  Mula, awake dhewe kudu bisa ngreka daya  supaya bisa ngetrepake subasita ing jaman sing sansaya maju. Aja nganti bablas kapilut marang budaya saka manca,” mangkono andharane Pak Antok marang para siswane. Para siswa katon manthuk-manthuk. Semana uga Ardy, sing wis diwulangake bab subasita karo wong tuwane supaya bisa ditrepake ing masyarakat. 

Ora krasa saiki Ardy wis kelas 3 SMA.Sawise nampa kasil kelulusan Ardy lulus kanthi biji kang ngremenaken. Kajaba pinter ngetrepake subasita Ardy ing SMA uga kondhang dadi siswa  kang lantip. Amarga biji sing apik iki Ardy entuk beasiswa gratis  kuliah S1 ana ing Jakarta.

Dina iki Ardy wis tata-tata arep budhal ing Jakarta kanthi numpak montor mabur. Sawise nyuwun pangestu karo ibune Ardy age-age tumuju ing montor mabur sing bakal nggawa Ardy tumuju ing Jakarta. Ardy banjur lingguh ana ing kursi kang wis dijumbuhake karo nomere. Ing cendhelaning montor mabur mau, pikirane nggrambyang, kelingan dluwang kluwus tilaran saka bapakne. Iluhe mbrebes saka tlapukan mripat. Rasa kangen marang bapakne bakal dibengokake ana ing nggegana karo angucap “Bapak matur nuwun, sampun nggladhi kula”.

Artikel Terpopuler


...
Istilah - Istilah Gamelan dan Seni Karawitan

by admin || 07 Maret 2014

Ada-ada. Bentuk lagu dari seorang dhalang, umumnya digunakan dalam menggambarkan suasana yang tegang atau marah, hanya diiringi dengan gender.    Adangiyah. Nama dari jenis ...


...
Istilah- Istilah Gerakan Tari  Gaya  Yogyakarta

by admin || 05 Maret 2014

Ngithing. Posisi tangan dengan mempertemukan ujung jari tengah ibu jari membentuk lingkaran, sedangkan jari-jari lainnya agak diangkat keatas dengan masing-masing membentuk setengah ...


...
Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo

by admin || 04 Maret 2014

Kanjeng Raden Tumenggung Madukusumo. Dilahirkan pada tanggal 22 Maret 1899 di Yogyakarta Putera Ngabehi Prawiroreso ini pada tahun 1909 tamat Sekolah Dasar di Gading dan Tahun 1916 masuk menjadi abdi ...



Artikel Terkait


...
SITUS MAKAM GIRIGONDO

by admin || 01 April 2012

Kompleks makam ini pertama kali digunakan sebagai makan KGPAA Paku Alam V, yaitu pada bulan September 1900. Ini nampak pada prasasti yang terdapat pada gapura makam di teras I. Kompleks makam ini ...


...
MAKAM DAN MASJID BANYUSUMURUP

by admin || 01 April 2012

Makam Banyusumurup merupakan kompleks makam Pangeran Pekik sekitar abad 17 (Pangeran Pekik adalah putera Pangeran Surabaya yang dinikahkan dengan adik Sultan Agung, yaitu Ratu Pandansari, yang ...


...
Makam Kotagede

by admin || 01 April 2012

Kotagede yang sering disebut juga Sargede terletak kurang lebih lima kilometer di sebelah tenggara Yogyakarta. Di kota ini wisatawan dapat mengunjungi makam Raja-raja Mataram seperti Sutowijoyo atau ...





Copyright@2024

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta