Artikel Budaya


...
DALAN PADHANG - crita cekak Hatiful Latifah

by bahasa|| 05 Agustus 2022 || || 390 kali


Dalan Padhang Hatiful Latifah               “Ahh jan, pulsaku entek!” Danang mbengok gawe ibune kaget.             “Ngapa ta Nang, kok gawe kaget esuk-esuk ngene?” Ibune Danang mlebu kamare Danang lan niliki kahanane anake.             “Pulsaku entek, Mbok!” kandha Danang karo ...


...
SINOMAN - crita cekak Sartono

by bahasa|| 05 Agustus 2022 || || 429 kali


SINOMAN Sartono             Wengi kuwi Nugraha bali ngomah kanthi rupa mbesengut. Lambene mecucu. Nalika mlebu omah uga ora uluk salam. Mung mbludhus ngono wae. Nyabrangi ruang tamu banjur klepat, mlebu kamare. Aku sing isih nonton televisi apal, Nugraha mesthi nembe nesu. Mbuh nesu karo sapa, kagol merga apa, aku durung genah. Alon-alon aku nothok kamare Nugraha.             ...


...
KODHE BOOKING - crita cekak Adinna Alfajri

by bahasa|| 05 Agustus 2022 || || 252 kali


KODHE BOOKING Adinna Alfajri   “Bri, Febri. Gek ayo!” keprungu swarane Kenes saka njaba kamarku. Aku gage-gage mbenerake klambi, banjur mbukak lawang kamarku. Wis katon wong wadon ayu kang mecucu sinambi nggendhong tas rada gedhe ing gegere. Gregah, aku langsung ngrangkul Kenes, kancaku raket sing wis kaya mbakyuku dhewe. “Wah, sajake awakmu wis ora sabar, ya?” pitakonku marang Kenes. Dheweke mung manthuk lan njiwit tanganku. Dina kuwi aku arep menyang ...


...
DLUWANG KLUWUS - Crita Cekak Eko Budi Kaswanto

by bahasa|| 04 April 2022 || || 435 kali


DLUWANG KLUWUS dening Eko Budi Kaswanto Ing pojokan kamar, Ardy katon suntrut, prasasat kaya ketaman sedhih. Pasuryane katon pucet. Sorot saka mripate  nuduhake menawa dheweke lagi ana samubarang perkara kang abot. Dheweke ambegan landhung, nalika mbuka lemari nemu potrete bapakne sing wis seda 3 taun kepungkur amarga nandang gerah. Potret dicandhak Ardy. Ora krasa tumetesing luh mbrebel saka mripat nelesi pipi. Tutuk tan bisa angucap apa-apa, kelingan nalikaning bapakne isih ana ing ...


...
PAGEBLUG ATI - Crita Cekak Budi Yanto

by bahasa|| 31 Maret 2022 || || 383 kali


PAGEBLUG ATI dening Budi Yanto   “Mas, Mas, Mas Jalu maskermu ora lali!” pengelingku marang Mas Jalu. Krungu aku bengok, Mas Jalu banjur mlebu meneh saperlu jupuk masker.  Prasasatku, saiki nek metu omah ora nganggo masker kayata wong numpak montor ora nganggo helm, neng ati krasa ana sing kurang, gawe ati ora tentrem. Pageblug iki ngowahi tatalakune menungsa. Para warga masyarakat dikon meluni protokol kesehatan manut pangrehe pamarentah. Kudu nganggo masker nalika ...


...
REBUT MRUPUT ENTUK BENJUT - Crita Cekak Anwar Wiyadi

by bahasa|| 31 Maret 2022 || || 301 kali


REBUT MRUPUT ENTUK BENJUT dening Anwar Wiyadi   Azis kang lagi nembang ing kamar mandi keprungu suarane mung samar-samar. Katon cetha lelagon kang di tembangake, nalikane uwis metu seka kamar mandi. Pancen perlu diacungi jempol menawa suara Azis iku apik bening, dirungokake kepenak ing kuping. Ananging suara kang apik iku anehe ngepasi tekan tembang kang unine ‘wong salah ora gelem ngaku salah, suwe-suwe sapa wonge sik betah’ dumadakan ana swara kang ngendhekake ...


...
NATA JANGKAH - Crita Cekak Andhi Wisnu Wicaksono

by bahasa|| 29 Maret 2022 || || 369 kali


Nata Jangkah dening Andhi Wisnu Wicaksono    Pageblug sing wis rong taun nemahi, meksa manungsa gumregah nglarasake marang kahanan anyar. Pangaribawane ndadekake manungsa mbudidaya bisane tetep sesambungan sanadyan ora kanthi gapyuk pethukan. Ketemu wong liya mung winates, tur kudu prokes. Sajrone mangsa pageblug, ndadekake akeh kang poyang-payingan. Sing sekolah judheg.   wong tuwane buneg. Gadget sing biyen ora saben wektu bisa disandhing bocah, saiki gelem-ora gelem ...


...
KANG KAYUN - Crita Cekak Sutanto

by bahasa|| 28 Maret 2022 || || 466 kali


Kang Kayun dening Sutanto   Ginah katon bingung ngrasakke Kayun, merga kukuh kepingin mantokne Sawitri anake wadon kanthi cara gedhen. Arepa wis 25 tahun anggone bebrayan karo Kayun, ananging Ginah isih durung ngerti piye carane ngadhepi bojone. Ing tlatah Kembangan, Kayun kalebu wong sugih. Saliyane pancen duwe tinggalan omah, sawah lan pomahan jembar, pakaryane minangka blantik akeh bathine. Isih katambah Ginah anggone bakul janganan uga laris. "Pak njenengan ki rak ya ngerti ta, ...


...
LENA - Crita Cekak Chatarina Lia Indrawati

by bahasa|| 25 Maret 2022 || || 359 kali


LENA dening Chatarina Lia Indrawati   “Kadho cilik seka sigaraning nyawa,” unine caption Instragram-e Bu Dhukuh Nata kang nuduhake gambar HP weton anyar Iphone 13. Aku banjur uthak-uthik nulis ing HP, “Wah sae sanget, Jeng!” ing kolom komentar sosial medhia kasebut. Bu Nata ya Bu Rita Sundari, kancaku nalika isih ing tataran sekolah menengah pertama. Ya Rita, kanca raketku nalika aku isih SMP. Wis rong taun iki anggone bebojoan karo Pak Nata Sukoco, dhukuh ...


...
TUNGGAKSEMI - Crita Cekak Bey Saptomo

by bahasa|| 23 Maret 2022 || || 316 kali


“TUNGGAKSEMI” dening Bey Saptomo               “Sida neng nggonku ta?”             Murti bali ngechat Pana. Mesthekake kancane sing wis janjian bakal dolan ana ing omahe. Kamangka bojone Murti ora patiya seneng marang Pana. Merga bojone Murti, Ditya, kerep krungu kabar ala ngenani Pana. Satemene Murti uga uwis mangerteni ngenani kancane iku. Ora senenge ...





Copyright@2023

Dinas Kebudayaan (Kundha Kabudayan) Daerah Istimewa Yogyakarta